My Song
Lencana Facebook
KECANDUAN
Assalamualaikum sedulur. Nyong hadir maning arep jublegan. Kye neng kene tah lagi mendung, dadi pernane kayong mandan ngantuk hawane. Tapi ya las orapapa aja kakean ngeluh. Bersyukur bae, mendung ya penak nggo turu kelon ngepi kampil. Yambok?
Dadi nyong saiki pengin jublegan babagan kecanduan. Apasi yah, nJawane ya anu pegawean sing gawe pengin maning seteruse. Ora bisa ora. Ora gelem ora. Pokoke ngadu iya. Angger wis ngadreng yawis. Pokoke ngadu deturuti apa sing dikarepna mau kuwe. Duh jan wong kecanduan kwe pancen angel. Nek kecanduan barang apik, kaya ngamal, moco Al Quran, sholawatan, sih orapapa yah lur. Kwe malah kecanduan suwergo. Barang apik nemen kwetah. Nyong be gelem. Tapi nek kahanane kecanduan barang ala, keprimen jajal? Nah kiye kyeh sing bahaya marakna pega ambekane wong tua. Wong kecanduan kwe ibarat wong ngadreng bet ngising. Karepe ngadu ditokna 'emas'e. Kuwe sih anu hukum alam yah lur, tapi nek masalaeh kecanduan barang langka tur angel, arep kerpiwe jajal?
Nah jajal saiki nyong arep mreteli ana pirang-pirang hal sing marakna gawe kecanduan. Disemok kye yah! Eh disimak maksude :D
Narkotika
Kiye maksude apa jajal lur? Koh bisa-bisane narkotika nggawe nyong rika pada kecanduan ngasih ngadreng? Nah dadi kaya kiye menurut penelitian narkotika kuwe ana zat sing marakna dewek wajib mengkonsumsi utawi wajib mangan narkotika kuwe, soalw nek ora dipangan dewek bakale lara, teler, nggeleleng, sakau, gentangayang, sempoyongan, pokoke ora enak pisan rasane. Nah akibat paling elek sekang mbandrengi narkotika kiye bisa marakna mati! Kweh mbok lur apa ora mringgani pisan? Iyalah nyong be ya sing mbeke ngerti ya prandang prinding kaya kiye. Tengan bahaya nemen yah jan jan. Tapi aja kuwatir ding lur. Ternyata menurut penelitian sing nyong olih narkotika kwe kepanjangane NAsi Rames KOpi TIwul karo KAmpel. Haha ya iya marakna mati nek ora depangan lah! Wong kuwe panganane nyong rika pada. Sorry sorry lur. Aku be ya maca ket mau spaneng ujare anu apa :D
Narkoba
Nah kiye kyeh batire narkotika kaeh mau. Tapi kye tah temenan gawe mbandreng. Kaeh mau akibat paling eleke sih wis genah mati sisan yah. Kiye akibat sing paling mringgani yah lur, bisa gawe weteng lara bae, ilat mele bae, trus iler njrejes bae. Berdasarkan survei kyeh anu dong kae tanggane nyong ngalami sih. Nggal dina mangani narkoba, pisanen ora, ya kayakuwe. Efek candune langsung krasa. Jebule bareng digawa rumasakit, kwe tanggane nyong kewenangan tur didiagnosa jarene wong kuwe lara dumehen ora ngonsumsi narkoba sedina. Jebule bareng detengeri maning narkoba kuwe anu NAsi Rames KarO Bakwan Anget. Haha dawir dawir ujarku anu kenangapa malah wong sableng kaya kuwe detulungi, eram! :D
CIU
kabeh wong ya ngerti ciu. Sing jere rasane andan getir asin asin kepiwe kaya kuwe. Lah kye tah nyong serius arep crita tenganen ciu kwe temenan marakna kecanduan alias mbandreng. Asli yakin! Soale jujur bae nyong wingi ngalami. Dadi nyong dinei ciu pas neng dalan. Ujarku ya anu apa yah, mengini pisan. Nyong ya langsung ngiler pen langsung tek cipok. Eh maksude pengin langsung tek plok neng cangkem loh depangan. Aja pada saru ya lah pikirane! Hualah konangan gunane mikit ngeres kwe yah. Haha :p wis wis lanjut maning lah kye crita serius. Lah mbarang wis tek pangan koh rasane nyong dadi pengin maning lan maning. Ternyata bareng aku takon maring wong sing aweh pertama maring nyong kaeh, jebule kwe anu ciu! Ya ambrol nyong kaget seporete. Lewih kaget maning jebule ciu kweh anu CImol diUyaih. Haha. Enak maning ana rasa uyah sing jagung, balado, sambel trasi, las ana akeh pokoke. Haha. Kwe marakna nyong kecanduan ngasih mbandreng. Kye crita asli no hoax. Haha :D
Mulane ya lur. Nggole maca aja keseriusen mulane ngko ora kaget. Biasa bae mawi mlongo kaya celengan jago! Haha. Aso lur kye mung nggo hiburan. Men ora pada spaneng. Wis ketemu maning kapankapan ya. Sementing aja pada kangen. Haha
Wassalamualaikum :)
20.15 | | 0 Comments
HATERS
Assalamualaikum sedulur alhamdulillah ketemu maning karo nyong. Sarkem tralala hadir maning kiyeh. Mandan suwe ora nulis ngapak kaya kiye lur. Sibuk mandan. Telahir pas SMA kayongen. Siki wis mahasiswa kayong pengin nulis maning. Simak kiye lur pengalamane nyong selama suwe ora nulis. Muga muga rika pada kangen yah haha
Wis ana sekitar setaun nyong ora curhat neng tulisan. Apa-apa sing tek rasa ya mung sebatas tek rasa tok. Babar blas ora kober nulis nyong. Sibuk sih ya mandan. Soale nyong geh wingi-wingi gubes mikiri kelulusan SMA, pendaftaran kuliah, pendaftaran pondok lass pokoke tetek mbengek rubes pisan. Nah siki wis madan omber wektune ya sending-sending teyeng nulis lah ora ketang mbuh sepiraha. Dasare sdela maning puasahan lah. Bombongane ya silaturahmi jaluk pangampura karo sedulur kabeh. Yapora? Diyani bae lah men solehah :D
Wong urip pancen ora kena detebak yah lur. Mbasanu sedalan karo penge dewek. Mbasanu ya ora sedalan karo karepe dewek. Kabeh mau ya anu kersane Gusti Alloh seng gawe urip. Dadi nyong rika pada ya mung iso pasrah nrima tur ngadu bersyukur temenanan. Aja ngasih ora lur. Seng denei dening Gusti Alloh kuwe ya mesti seng paling apik nggo nyong rika pada. Termasuk rika maca wacanan kiye ya anu kersane Gusti Alloh sing terbaik pokoke haha. Dadi aja pada ngresulah ya lur :)
Nyong saiki agep crita beberapa pengalamane nyong sing kayong berkesan banget sing ndilalahe urung kober tak postingna. Muga-muga manfangat tur iso dijukut hikmaeh. Sementing aja dijukut duite. Dasare yanu langka haha. Semok kyeh. Eh maksude simak kyeh temenanan. Aja kelalen mbari kedip ambekan tur istighfar B-)
Nyong arepan mbahas sitik tentang haters utawi wong sing wadeh meng dewek utawi wong seng cokan ngomongi ke'ala'ane dewek. Aja kegawa omongane wong ya lur. Tetep inthili apa karepe atimu. Sementing positip. Jaman siki pancen aneh ya lur. Dewek sing nglakoni, Gusti Alloh sing ngwales, wong tua sing ngidini, tapi wong lain sing komeni. Mbuh arep apik apa ala, sing aran wong komen mesti mambrah-mambrah. Mending komen apik orapapa. Komen ala, apa ora gawe pega? Nah kiye kyeh sing tenanen mandan ditengeri men nyong rika pada ora kepelu omongan utawi komenan alane wong maring dewek. Cara gaule wong siki ya gole ngomong 'haters'. Cara nyong ya ngomonge 'wong sirik'. Padune ora mampu kaya dewek mulanen ngiwiwi apa bae sing berkaitan karo dewek. Sarane nyong yah lur aja kepengaruh apa omonge haters kuwe. Arep ngomong apa bae tentang rika pada, mawi derungu, mawi degugu. Jorna bae. Toli lambene boyeh dewek. Suwing ya suwing sukurin ngidin! Haha. Eh aja kaya kuwe ding. Intine jorna. Tangane dewek sing loro cacahe kiye denggo bae nggo nutup kuping karo nggo ndonga maring Gusti Alloh men wong kuwe sing dadi haters mari ngiwiwi dewek, sadar tur ora nggangguni deweke maning. Jane sing aran haters ya anu basa aluse kaya 'fans', kur tok gole ngefans maring dewek kwe anu keliwat ndean yah, mulanen dadine kaya kuwe. Dewek duwe fans kan ternan-ternane kayong seneng bungah kaya kuwe loh. Sanajan eleka kaya anakan lutung ya rika tetep duwe fans. Yaora lur? Haha ora ora. Guyon lah. Dadi sarane nyong ya kaya kuwe nekan rika due haters. Intine sabar lan aja kegawa omongan haters kuwe mau. Insya alloh uripe dewek ya ayem tentrem ora kakean congkel. Yambok? Kaderan dewek urip udu gegara haters kuwe mbok? Dewek urip mung nggo Gusti Alloh tok. Wis. Titik. Ora nggo sapa-sapa.
Dadi ya intine kaya kuwe lah yah pikir dewek ngonoh. Wis disemok kan mau? Eh disimak maksude. Hehe. Semoga manfangat. Kesuwun wis ngoberi maca postingan kiye. Ketemu maning kapan-kapan maning kari nyong kober.
Wassalamualaikum wr wb.
04.02 | | 0 Comments
Langganan:
Postingan (Atom)
Pages
Diberdayakan oleh Blogger.
Popular Posts
-
Asal Usul Sejarah Legenda Zombie Zombie sebenarnya berasal dan muncul dari pulau Haiti di Karibia. Mereka adalah orang2 yang hampir...
-
Tapi Bukan Aku yang Kau Cinta Aku tahu setiap orang menginginkan hidup bahagia bersama pasangannya masing-masing. Tapi beda halnya d...
-
Manusia Tertinggi di Indonesia 2,71 m, dari Lampung Suparwono, 24, berharap agar namanya bisa tercatat sebagai manusia tertinggi di dunia...
-
Assalamualaikum Lur balik maning kyeh karo Sarkem. Piwe kabare pada? Sehat mbok? Kari nyyong tah ya sehat lah, kur ora waras *ehh*. Nah s...
-
Assalamualaikum sedulur ketemu maning karo nyong, Sarkem. Kepriwe pada kabare Lur apik mbok? Semoga bae pada waras ya aja pada gemblung kay...
-
URIP Anggitanipun Via Okvitasari Umah gedhe diut akeh Nanging, karo tangga ora sumeh Merga dudu uwong sholeh Mulane tanggane...
-
Hampir semua orang didunia ini mengenal vampire sebagai makhluk mengerikan penghisap darah. Vampire sangat terkenal dan sering dijadikan...
-
BACK TO TEARS Hari berganti hari, minggu berganti minggu, bulan berganti bulan, tahun berganti tahun. Kini Vena telah menginjak usia...
-
KECANDUAN Assalamualaikum sedulur. Nyong hadir maning arep jublegan. Kye neng kene tah lagi mendung, dadi pernane kayong mandan ngantuk...
-
Berikut ini adalah video keajaiban dunia Aurora Borealis yang biasa terjadi didaerah kutub Silakan DOWNLOAD DISINI