My Song
Lencana Facebook
KEPONTO, BRO!
Assalamualaikum Lur balik maning kyeh karo Sarkem. Piwe
kabare pada? Sehat mbok? Kari nyyong tah ya sehat lah, kur ora waras *ehh*. Nah
saiki nyong pengin cerita babagan keponto.
Ko pada tau keponto ora Lur? Ya anu sering yah, apa anu
pegaweane? Keponto kari arep bali laka mikro golet ojeg laka duite ya jenenge
keponto. Haha kwetah anu ko dasar kere yah. Ngeponto kwetah udu keponto *ups*.
Nah sikinyong arep nyritakna beberapa pengalamane nyong pas dong keponto.
Ndresani nemen sumpah. Ora penak nemen wong keponto ikuh.
1. Keponto nang ngarep umah
Nah critane pas kae kweh
wengi-wengi sekitar jam 9 Lur. Nyong karo mamake tes lunga trawe. Wulan puasa
kyeh. Rajin mbok nyong nek wengi gunane trawe, nek awan gunane mangan *ehh*. Ora
leh. Jane anu ngarep-arep takiran kari bali trawe toli ana keh wong sing nggawa
panganan. Ana kluban ana gathot ana apem ana klepon ana cenil las anu akeh lah.
Tujuwane nyong trawe kweh kuwe *ehh*. Yaora dik lah tujuwan utamane ya nggolet
pahala koh yah maning sih keplak ndase sing ngomong kekue *ehh*. Sing ngomong
be dewek koh haha. Nah pas kuwe nyong nang emper alias njaba umah karo mamake
wong loroan. Bapane karo adine nyong kweh ora ana nang umah. Urung balik sih
agi mbrekat ndean nang langgar. Nah lawang umaeh nyong kweh critane grendele
copot. Ngerti grendel mbok? Bukakan lawang kaeh. Basa Indonesiane ya gagang
pintu lah. Dadine ora bisa mbukak nek sekang njero. Kan lawang kweh ana
jendole. Kari ora maksud ya njajal lawang umaeh ko didungkar apa diruag nganah.
Mbok ko pada ora percaya soten. Maksud lah yah ko kan pada pinter, kaya nyong
lah. Haha lengob. Nah jendole kweh diumpetna bapane nyong jajal. Ndilaloeh ora
ngomong koh, ya nyong karo mamake nyong keder nggoleti ndarani ilang yah. Nah
kebenerane salah siji kaca jendela jejer lawange nyong kweh pecah gara-gara
ganu tek jotos. Haha. Lengob nemen yah! Tapi ya ana gunane juga Lur. Nah nyong
menek metung kaca kuwe trus masup liwat jendela sing. Bakat maling kiyeh nyong.
Nah akhire nyong karo mamake nyong bisa masup umah. Alhamdulillah.
2. Keponto nang pom bensin
Kedadean kiye kweh bener-bener
diluar dugaane nyong yakin Lur. Critane kweh yah nyong pas kae karo adine aring
pasar arep njikot roti ulang taun nggo mamake nyong. Kejutan lah cara-carane,
nah nyong karo adine lunga sekitar bar bedug, jam 2an lah. Nyong mboncengna
adine, ndilaloeh bensine entok. Akhire nyong mbensin disit aring pom. Nah pas
nyong arep mbayar, duite angel nemen dijikot. Maklumlah sake kandel kakean duit
ya njikot be ngosih kangelan. Haha sosoan nemen yah padahal anu duit paling
pirangewu be gemagusan nin. Aja ditiru Lur. Nah nyong ndelah kunci kuwe nang
bagasi motor nang nduwur mantel. Pas nyong agi njikot duit, adine nyong nutup
bagasine, tes kuwe cah loro gari kelabakan ora teyeng bali. Haha kari kaya kie
sing lengob sapa? Bisa koh kunci motor kekunci neng njero bagasi? Haha ya nden anu banget lengobe yah!
Gobel nemen *ehh*. Dadi sarane nyong kari ko mbuka bagasi motor kweh, kuncine
langsung tanjlepna maning aring nggon stateran. Ben ko pada ora ngalami apa
sing nyong alami. Haha apa-apane yoh?
Nah
dadi ujarkutah yah, wong tah ngadu waspada yakin. Sapa ngerti yah arep ana
kedadeyan sing nang njaba pikirane dewek? Dadi dewek ngadu waspada. Nah sing
keloro teliti. Aja maen-maen karo sing jenenge teliti yakin Lur. Ko ora teliti
semending bae ya bisa dadi masalah mbok? Bisa berabeh lah. Dadi 2 hal kuwe
penting, kudu digatekna. Ya udu 2 tok dik, esih akeh, kur nyong bebeh nyebutna
siji-siji. Mbayar disit ngeneh setriliyun ngko tek tidokna. Haha dunyane sapa
ujare yah? Dunyane firngon? *ehh*
Yawis
semono disit Lur, kapan-kapan lanjut maning insya Alloh kari nyong kober.
Wasalamualaikum!
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Pages
Diberdayakan oleh Blogger.
Popular Posts
-
Asal Usul Sejarah Legenda Zombie Zombie sebenarnya berasal dan muncul dari pulau Haiti di Karibia. Mereka adalah orang2 yang hampir...
-
Tapi Bukan Aku yang Kau Cinta Aku tahu setiap orang menginginkan hidup bahagia bersama pasangannya masing-masing. Tapi beda halnya d...
-
Manusia Tertinggi di Indonesia 2,71 m, dari Lampung Suparwono, 24, berharap agar namanya bisa tercatat sebagai manusia tertinggi di dunia...
-
Assalamualaikum Lur balik maning kyeh karo Sarkem. Piwe kabare pada? Sehat mbok? Kari nyyong tah ya sehat lah, kur ora waras *ehh*. Nah s...
-
Assalamualaikum sedulur ketemu maning karo nyong, Sarkem. Kepriwe pada kabare Lur apik mbok? Semoga bae pada waras ya aja pada gemblung kay...
-
URIP Anggitanipun Via Okvitasari Umah gedhe diut akeh Nanging, karo tangga ora sumeh Merga dudu uwong sholeh Mulane tanggane...
-
Hampir semua orang didunia ini mengenal vampire sebagai makhluk mengerikan penghisap darah. Vampire sangat terkenal dan sering dijadikan...
-
BACK TO TEARS Hari berganti hari, minggu berganti minggu, bulan berganti bulan, tahun berganti tahun. Kini Vena telah menginjak usia...
-
KECANDUAN Assalamualaikum sedulur. Nyong hadir maning arep jublegan. Kye neng kene tah lagi mendung, dadi pernane kayong mandan ngantuk...
-
Berikut ini adalah video keajaiban dunia Aurora Borealis yang biasa terjadi didaerah kutub Silakan DOWNLOAD DISINI
0 komentar:
Posting Komentar