My Song
Lencana Facebook
SANAJAN JOMBLO TAPI TETEP ASO
Assalamualaikum sedulur balik maning kieh. Agi seneng nemen
nin nulisi tulisan kaya kie sumpah. Ya mbok ana bedane yah! Mbok menawa tambah
ayu apa tambah duwur kan sapa ngerti lhoo! Haha ngimpi ko Kem! Haha ya belih
koh sekarepe nyong deneng ko sewot wudani sisan! *ehh*
Yawis siki aku arep crita babagan mantan. Haha geh tek
tidokna yah, jujur bae nyong kari crita mantan koh kayonge mandan ngedap. Mbuh
priwe nin. Kayong-kayonge anu mandan priweee kekue. Priwe apane lah Kem? Ya
mbut ya mbreng rahasia koh! Kari ditidokna nden rahasiane nyong kebongkar kabeh
yah haha keplak sisan ngeneh *ehh*
Geh nyong agep takon, ko kari crita mantan rasane priwe?
Mesti kaya ana rasa seneng, kemutan, sedih, gela, nesu, kesuh, las campur aduk pokoke
lah. Apa maning kari mantane ko kweh ngganteng utawa ayu trus putus karo ko
kweh anu kur gara-gara masalah sepele. Ya Alloh mbok anu banget nyesele. Apa
maning kari dewek sing mutusna. Ujarmu priwe? Kaya kuwe apora? Haha kari iya
brati ko senasib lah karo nyong.
Nyong arep crita tentang salah siji mantane nyong kieh.
Gagah nemen yah ngomonge salah siji, padahal ya anu duene siji tok. Haha ya
nggo patut-patut lah, kon kesane kweh nyong payu, ora ketang sing gelem kur
siji tok. Haha. Yawis yawis nyong jujur kyeh, mantane nyong ana 5. Sing
dianggep tapi. Nah sing ora dianggep ana pira Kem? 12 mad! Haha ora dik kyetah
lombo sumpah. Kentir apa mbeke 17 taun mantane 12 + 5? Ujare nyong little b*tch
ndean? *ups*. Medek ora ngerti little b*tch artine apa! Haha nyong mesti medeke
bener. Ya iyalah wong kye be neng Jawa, nah kwe be basa Inggris. Tek tidokna
yah artine. Artine kwe kimc*l kaeh lah. Haha pada nyengir medek! Nyengir kaya
celeng *ehh*. Las aja mbahas kimc*l lah mbok ora rampung-rampung nin.
Nah critane nyong putus karo mantane sekitar setaun ganu
lah. Nah nyong njomblo wis olih setaun. Dela maning nyewu. Haha kaya wong mati
bae koh. Haha kye lengob maning kyeh sing nulis, nyewu ya telung taun yah mbeke
setaun koh nyewu! Nyewu digilmu ndean *ehh*. Lah intine setaun lalu nyong puuus
karo mantane nyong. Jane ya anu sepele lah putuse. Nah kye nyong sing mutusna.
Gagah nemen yoh? Gagah untumu ruag sih *ehh*. Awale tah iya nyong ngrasa dadi
jomblo terhormat. Teyeng mutusna wong sih. Haha aja ditiru Lur yakin anu lengob
sing nulis, kaya sing maca *ehh*. Nah siki-siki kayong mandan ngajog. Jebule
mantane nyong sing kwe kweh anu bocah bener. Bener piwe maksude Kem? Ya anu
eman, ngalahan. Mbok anu perfek pisan lah Lur. Mrebesmili nyong kari kemutan
kenangan-kenangan ganu sumpah yakin. Kayong bodo nemen nyong nyia-nyiakna kwe
bocah. Nah siki judule ya anu galao maning. Nangis maning. Kendat maning *ehh*
Nah siki mantane nyong kweh wis due pacar. Luwih ayu maning
sekang nyong. Mbok ya anu ora gagah sekang ngendi? Nah sedangkan nyong esih
jomblo bae ngasih lumuten. Jomblo wungkan lah jere bapa kakine nyong tah.
Ndresani nemen mbok? Seprenen jajal nyong urung due pacar bae. Nggane nyong wis
berdoa maring Gusti Alloh urung terkabul bae. Berusaha ya nyong juga wis berusaha.
Piwe carane Kem? Ya mbut ya mbreng. Nek ditidokna ko tiron piwe jajal? Ora sudi
nyong nidokna! Mol enggane nyong ngadu ngajukna proposal aring camate apa
carike apa bupatine sisan ben nyong bisa olih pacar? Ya mbok anu mbahayani
nemen. Kesangaren kwetah sumpah!
Dadi seprene nyong esih jomblo bae Lur. Ujarmu piwe kon
nyong cepet olih pacar? Apa nyong ngadu masang raine ning toko onlen kekue?
Ujare nyong apa? Didol kaya cabe bae. Cabe apa Kem? Cabe-cabean? *ehh*, apa
nyong ngadu majang pengumuman neng tengah dalan bahwa nyong ora due pacar tur
agi nggolet pacar kekue? Sumpah wadon mringgani kayakue tah yakin!
Balik maning lah maring masalah mantane nyong. Pacare
mantane nyong kweh mbuh priwe yah, kari ndeleng nyong kweh kayong sentimen
nemen! Padahal nyong ya wis teyeng move on lah. Ora ketang kadang ya madan
nyesel kekue. Tapi ya kan nyong ora bakal ngrebut lah yah. Wadon apahan nyong?
Kaya ora payu bae. Genah iya koh! Hu bagel watu sisan ngeneh sing ngomong
*ehh*. Nyong be bingung gweh Lur. Ujarmu pada nyong ngadu piwe? *takonbae* Nyong
ngadu koprol mbari jungkir walik mbari ngomong wow trus tes kuwe tahlilan
kekue? Ora bakal!
Tapi dibalik putuse nyong kweh, nyong dadi mandan ana bedane
koh Lur, nyong dadi ora mencenger nyekeli hape bae. Ora mejeti hape bae. Ya
agep ngapa jajal sms ya smsan karo sapa, paling ya fesbukan apa instagraman apa
bbman wis kuwe tok. Kwe be anu jarang nemen. Ya agep hapean hubungi sapa jajal?
Hubungi malaikat? Sih ndasmu *ehh* Laka wong sing kaya pacar sih yah haha. Agep
chattingan karo lemah ndean? Aja-aja ko ora ngerti chatting? Nganah takon bapa
kaki mbok ngerti.
Nah ya intine dadi ora hapean bae. Bapa biyungku be ya
ngasih bingung koh. Tapi ya madan seneng juga sih Lur, dadi nyong siki fokus
aring sekolah, wayahe sinau ya sinau, wayahe nyambut gawe ngrewangi wong tua ya
ora tau lat, wayahe ngibadah ya ngibadah, wahaye ngising ya ngising *ehh*. Ya
pokoke kabeh mau kwe ya anu nyong ora sengaja lah. Ora disadari kweh nyong dadi
tambah sregep. Alhamdulillah mbok.
Dadi putus karo pacar ya ana apike juga Lur! Sapa ngerti yah
nyong juga dadi tambah pinter, tambah ayu juga haha ngos ndean pede nemen! Iya
koh temenan kiye tah. Jere sapa? Jere dewek yah. Haha *karuan*. Ya bebek kon
ora silem. Awake dewek nden dialem! Mol bebek arep ngeduk lemah kaya
nggarangan? Ya ora mbok lah! Aja lengob deh plis! *critanesewot*
Dadi aja dijikot alane tok. Galao lah, sedih lah. Lah kopet
sih *ehh*. Ora jaman yakin putus galo-galoan kayakuwe. Bisa bae tujuwane Gusti
Alloh mutusna ko karo pacare ko kweh kon ko fokus sekolah disit. Kon aja
disambi loh. Kon sekolah malah pacaran bae! Mbojo sisan bae genah! Ora mubaih
duit nggo sangu nggo SPP ngo apa bae lah tetek mbengek. Iya mbok? Trus bisa
juga anu kae kweh udu sing terbaik nggo ko. Dadine ko dipisahna karo kae.
Bersyukur ngadune Lur! Susaeh apa? *tumbenngalim*
Nah dadine nggo ko para jomblowan utawa joblowati, aja
pusing lah kari ora due pacar. Manut bae omonge nyong yakin. Manut bae
kata-katane nyong. SANAJAN JOMBLO, TAPI TETEP ASO. Dijamin uripmu sante. Ora gemrungsung
ora gemradag. Laah mangsane due pacar nden ya ko due pacar. Kabeh mau ya anu
wis diatur Gusti Alloh koh. Gari manut bae. Manut, karo bersyukur. Uripmu bakal
penak. Temenan!
Wis disit arep turu. assalamualaikum!
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Pages
Diberdayakan oleh Blogger.
Popular Posts
-
Asal Usul Sejarah Legenda Zombie Zombie sebenarnya berasal dan muncul dari pulau Haiti di Karibia. Mereka adalah orang2 yang hampir...
-
Tapi Bukan Aku yang Kau Cinta Aku tahu setiap orang menginginkan hidup bahagia bersama pasangannya masing-masing. Tapi beda halnya d...
-
Manusia Tertinggi di Indonesia 2,71 m, dari Lampung Suparwono, 24, berharap agar namanya bisa tercatat sebagai manusia tertinggi di dunia...
-
Assalamualaikum Lur balik maning kyeh karo Sarkem. Piwe kabare pada? Sehat mbok? Kari nyyong tah ya sehat lah, kur ora waras *ehh*. Nah s...
-
Assalamualaikum sedulur ketemu maning karo nyong, Sarkem. Kepriwe pada kabare Lur apik mbok? Semoga bae pada waras ya aja pada gemblung kay...
-
URIP Anggitanipun Via Okvitasari Umah gedhe diut akeh Nanging, karo tangga ora sumeh Merga dudu uwong sholeh Mulane tanggane...
-
Hampir semua orang didunia ini mengenal vampire sebagai makhluk mengerikan penghisap darah. Vampire sangat terkenal dan sering dijadikan...
-
BACK TO TEARS Hari berganti hari, minggu berganti minggu, bulan berganti bulan, tahun berganti tahun. Kini Vena telah menginjak usia...
-
KECANDUAN Assalamualaikum sedulur. Nyong hadir maning arep jublegan. Kye neng kene tah lagi mendung, dadi pernane kayong mandan ngantuk...
-
Berikut ini adalah video keajaiban dunia Aurora Borealis yang biasa terjadi didaerah kutub Silakan DOWNLOAD DISINI
0 komentar:
Posting Komentar