My Song
Lencana Facebook
GALO + KORBAN PHP
GALAO
DAN KORBAN PHP
Terinspirasi saking kisaeh Lik Samidi nang Curanmor karo
kisaeh Lik Daplun nang NgomongNgapak.com, enyong juga penginlaah gawe crita. Ya
kaya anu curhatane enyong jane. Kur nganggo basa ngapak lah. Khusus wong kenean
berati. Kene ngendi? Yambuh sekarepe nyong yah hahha. Yawis lah demule bae.
Critane kayakie.
Pertamane nden ya kenalan disit yah, masa ujug-ujug langsung
bes? Ya ora ilok lah dukani neng Gusti Alloh piwe jajal? Mbok ya nganggo
pengaman disit trus bar kuwe ucul-ucul klambi *ehh* arep ngapa kuwe? Yambuh
pikir dewek koh rusah prentah *hahasewot*. Kayakie, jenengku sebut bae lah
Sarkem. Udu asli tapinen. Aja pada percaya yaa! Percaya aring nyong musyrik
toli! Haha. Sarkem adalah namaku. Tapi udu nini Sarkem sing cokan adoli
panganan sing dicokot/digeget mbledug kae loh yah! *maksudeklepon* ngerti
klepon mbok? Ora ngerti ya bodoa lah seterah ko. Seterah apa terserah? Ya belih
sekarepe enyong. *Illahi*
Aku kweh critane esih gadis. Prawan aporane ya mbut ya
mbreng seterah nyong haha. Masa ngadu ditidokna sih? Kari ora ilok prime jajal?
Dukani engko nang Gusti Alloh. Las mbuhlah balik bae aring critane nyong rusah
crita prawan. Isin. Ko sing kesenengan tah iya. Ko pengin ngerti dadine nyong
ora pengin mbahas prawan? Soale anu mbok ora rampung-rampung sih haha lengobmen
kiye sing nulis! Sing maca juga kayongen *ehh*. Nah aku critane wis SMA.
Sekolah Mangane Apa *udukuwegobel* maksude nyong Sekolah Menengah Atas lah yahh
pada manut bae nin sing maca kepiwe sih haho hala holo nemen *ehh*. Aku sekolah
neng SMA nang daerahku, sebut bae SMA Oleng. Urung ana mbok jeneng SMA kayakue?
Gagahmen lah pokoke! Kari wis ana ya brati anu kebeneran. Sumpah lah ora lombo.
Kari lombo ya ngko tek denda wislah. Ko aweh duit nyong se milyar ya ora papa.
*deneng?*. dadi arane Oleng kweh jalaran bocaeh pada stress kabeh, mumet mikiri
pelajaran karo tugas numpuk se gunung Slamet kaeh sing neng ngalore Baturraden.
*apalnemenkoh* haha ya iya lah wong sering meng nganah haha *upsskewenangan* ya
dadi wonge pada oleng kaya tes mabok. *ehh*. Gyeh Kem, jenenge wong sekolah ya
ana tugas ana pelajaran. Kari ora gelem yawis nganah bali bae ngarit nggo empan
wedus apa empan celeng apa empan beruang kan kayong sangar katone. *masyaAlloh*
Balik maning lah akeh temen nggoli nyocot *ehh*. Aku saiki
wis kelas 3. Mbok agi gagah-gagaeh lah. Kakak kelas nggane. Lagi jeger-jegere
pokoke. Ana adik kelas sing lenjeh tur kemayu ya tek sikat. Sikat untune ndean
haha. Ya udu kuwe yah lengob temen sing nulis kiye laah, sing maca juga *ehh*.
Ya maksude domongi lah kon rusah lenjeh kaya ayu-ayua nin. Padahal ya anu emang
ayu. Nglewihi ayune nyong mulane tek sikat. Kon aja ayu. Haha jen ana-ana bae
nain si Sarkem. Nah kari ana sing ngganteng ya tek sikat juga. Sikat kon aja
ngganteng maksude Kem? Ya ora kiye tah ya sejen maning lah! Sing ngganteng ya
tek sikat mbok menawa ana sing gelem dadi pacare *ehh* haha kaya ora payu temen
kowe Kem? Aja lengob deh Kem plis isin kaeh karo sing maca haha.
Ya mbok menawa madan ana sing sreg karo adik kelas kan sapa
ngerti yah? Nah kari adik kelase ngganteng pisan koe arep kepiwe jajal? Mbok ya
anu gelemepol lah. Masa oraha? Nggo sing wadon kie tah. Mengko ko lanang melu
seneng ya ngalamat nyong lah olih saingan anyar haha *sainganmaho*. Kakean
cangkem lah Kem lanjut koh *apiapisewotlah*.
Nah kelanjutane kayakie. Enyong carane agi seneng adik
kelas. Ngganteng pisan pokokelah. Meseme kuwe masya Allooohh. Manuk mabur ge
nganti nebrak wit sengon mbok nggilani nemen brati nggantenge. Kur tok nyong
ora semaput kari weruh yakin. Temenan suer. Ora percaya add bae kieh fesbuke.
Jenenge tuuuuuttt *critanesensor*. Ko pengin ngerti kepriwe deneng disensor?
Lah ya kari ko nge-add trus dikonfirmasi trus seneng ko trus nembak ko ya
ngalamat maning nggo enyong yah. Kalas ora sida jadian karo nyong. Wuu poles
miring ngeneh *sewotmaningkoh* haha padahal kaya ya-ya-ha yah. Sosoan nemen.
*soksokanmaksude*.
Balik maning lah kalas ndopok bae keit mau
*hahayasalaehgelemmaca*. Nah udu meseme tok. Bocaeh ya penakan lah, ramah, sumeh
lah Jawahane, gelem takon ora ketang “mba kuwe lah dikondisikna raine ala temen
kayong?” haha adik kelas kentir! Ora dik. Anu lombo kie tah suer. Nah sebut bae
inisiale X lah. Kari inisiale W engko kalasan bocaeh ngerti kari maca kiye,
ngerti bahwa tulisan kiye anu nggo kae *ehh*. Singkat cerita nyong kweh karo X
wis kenal ya ana sewulan lah. Sewulan sabit maksude. Mbeke 7 dina. Haha susaeh
apa yah gari nulis seminggu? Ya kayakie ngakeh-ngakehi maning jen lengobmen
sing nulis. Sing maca juga *ehh*. Ora 7 dina dik. Kait ganu gutul siki ya wis
ana karo tangah wulan lah. Ngerti mbok karo tengah wulan? 1 ½ wulan ngob lah.
Ora ngerti maning? Pancen kebangeten utekmu yakin *ehh*. Kira-kira wis kenal
semono suene lah. Lah ndilaloeh nyong modus-modus ya berhasil koh! Mbok sapa
ngerti! Nah nyong sms, stalking (ngerti stalking mbok? Wong tukang jikot doke
wong liya kaeh! *kwemaling*), bbm ya debales. Ora ketang nyong terus sing
takon. Ya kan ora papa mbok? Sekarepe nyong lah ngapa sih ko melu-melu
*sewotmaningcritane*. Nah hubungane nyong karo X kuwe berjalan mulus lah, kaya
pupune Maria Ozawa *ehh* mesti mikire langsung clingg! Haha paham nyong lah,
apa maning ko cah lanangan lah ya banget pahame nyong lah. Wis lupakan. Nah
hubungane mulus, mulus banget. Ngantek suatu dina, nyong ngerti ana sing aplod
fotone X karo wadon njagong jejeran. Ya mbuh batire, mbuh pacare, mbuh
gendakane, ya nyong ora ngerti lah. Raine X kweh katone seneng pisan. Bahagia
bin bungah lah. Nggilani mbok? Pokoke pas semono atine nyong lara banget. Banget larane pokoke. Cara-carane ya hatiku
tersayat-sayat oleh silet tajammu yang membeset (ora ngerti bahasa Indonesiane
apa) lubuk hatiku yang terdalam. *lebaynemenkoh*. Nah nyong galao. Nyong merasa
di PHP ni. Ngerti PHP mbok? Kari ora ngerti takon bapa kaki nganah mbok menawa
ngerti. Haha aja dik ngko ko tah manut malah takon temenan. Lah ya intine aku
galao dan sakit hati. Maksude apa yah ngeman aring enyong? Maksude apa gelem
nyapa enyong ? kari akhire bakal kayakie suka rusah kenal. Yakin aku tah suerr.
Tau mbok ko dadi korban PHP? Khususe cah wadon! Kaume nyong lah, sebangsa karo
nyong. Tau mbok ko don? Wadon? Kepiwe rasane? Mbok banget larane lah. Kie
gara-garane nyong sing ke GR en apayah? Isin yakin kari wis kayakie. Agep modus
ya anu isin, ora modus ya anu kangen. Piwe jajal? Nah ya intine ko cah wadon
aja ke GR en lah. Kari wani ya takon sisan aja kur modus-modus tok.
Stalking-stalking tok. Laka gunane yakin. Kur gawe seneng sedela tok. Tes kue
wis. Ya anu mubah duit pulsane ko. Eman-eman. Nggo browsing trus maca tulisane
nyong sih lewih bermanfaat. Haha iya ora Jhon?
Nah akhir sebuah cerita kiye Sarkem galao gara-gara dadi
korban PHP trus bali ngumah trus nulis tulisan ala neng kamar trus esuk-esuke
kewenangan kendat mbari nyekel hp karo selfie alias foto-foto narsis haha
*ehh*. Ana-ana wong kendat kayakue lah. Haha ora dik. Ngesuke ya biasa lah
sekolah maning ketemu X maning. Lara maning. Galao maning. Nangis neng kamar
maning. Kendat maning. Illahi nyawane
pira sih jane ko Kem? Kendat bae hobine. Hahaora leh. Lah biasa lah cah wadon
ya kaya kuwe mbok?
Yawis lah semene disit delanjut kapan-kapan maning kari
nyong kober. Kiye ge nyong nulis ana karo tengah jam koh. Ya kena nggo hiburan
lah. Ngilangna stress. Padahal tugas ge ya madan akeh koh. Ya orapapa lah
sekarepe nyong mbok? Ya mbok menawa bisa gawe ko pada seneng. Ya nyong melu
seneng lah. Wis disit ya ngesuk maning insya alloh dadah.
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Pages
Diberdayakan oleh Blogger.
Popular Posts
-
Asal Usul Sejarah Legenda Zombie Zombie sebenarnya berasal dan muncul dari pulau Haiti di Karibia. Mereka adalah orang2 yang hampir...
-
Tapi Bukan Aku yang Kau Cinta Aku tahu setiap orang menginginkan hidup bahagia bersama pasangannya masing-masing. Tapi beda halnya d...
-
Manusia Tertinggi di Indonesia 2,71 m, dari Lampung Suparwono, 24, berharap agar namanya bisa tercatat sebagai manusia tertinggi di dunia...
-
Assalamualaikum Lur balik maning kyeh karo Sarkem. Piwe kabare pada? Sehat mbok? Kari nyyong tah ya sehat lah, kur ora waras *ehh*. Nah s...
-
Assalamualaikum sedulur ketemu maning karo nyong, Sarkem. Kepriwe pada kabare Lur apik mbok? Semoga bae pada waras ya aja pada gemblung kay...
-
URIP Anggitanipun Via Okvitasari Umah gedhe diut akeh Nanging, karo tangga ora sumeh Merga dudu uwong sholeh Mulane tanggane...
-
Hampir semua orang didunia ini mengenal vampire sebagai makhluk mengerikan penghisap darah. Vampire sangat terkenal dan sering dijadikan...
-
BACK TO TEARS Hari berganti hari, minggu berganti minggu, bulan berganti bulan, tahun berganti tahun. Kini Vena telah menginjak usia...
-
KECANDUAN Assalamualaikum sedulur. Nyong hadir maning arep jublegan. Kye neng kene tah lagi mendung, dadi pernane kayong mandan ngantuk...
-
Berikut ini adalah video keajaiban dunia Aurora Borealis yang biasa terjadi didaerah kutub Silakan DOWNLOAD DISINI
0 komentar:
Posting Komentar