My Song
Lencana Facebook
SAKITNYA TUH DISINI
SAKITNYA TUH DISINI
Assalamualaikum sedulur
alhamdulillah kieh bisa nulis maning ora ketang sepetit lah kena nggo ngisi
wektune nyong. Haha padahal tah tugas ge ya anu numpuk se Gunung Slamet sing
neng ngalore Baturraden. Haha apal mbok? Rutin sh nyong! Haha rutin ngapa kuwe?
Ya mbut ya mbreng, ora tidokan! Tapi ya ora papa lah sekarepe nyong mbok? Ya
ora? Antuk sih ngapa aja mencenger bae kaya kue nggilani kweh lah raine ala
nemen *ehh*
Dadi nyong pengin crita
maning kyeh. Ko pada ngerti lagu Sakitnya Tuh Disini mbok? Lagu sing agi tenar
nemen kaeh? Ngantek bayi karo tengah tauh ge teyeng ngibing ibingane? Haha ora
dik anu lombo kie tah suerr. Pokoke lagu dangdut lah. Sing denyanyikna daning mbokayune
nyong kaeh lah sing ayu pisan ora kaya nyong *hahangakukoh* lah ya intine lagu
kuwe lah. Nah saiki nyong pengin crita babagan Sakitnya Tuh Disini.
Nah cara-carane Sarkem
kweh agi ngefans aring adik kelas. Haha keit wingi tembangane kuweee bae. Seneng
adik kelas lah ngefans adik kelas lah. Ngko aja-aja si Sarkem pedofilia kiye?
Seneng cah cilik? Haha aja ngasih ya amit-amit jabang bayi jabang celeng aja
ngasih *ehh*. Nah Sarkem kiye sering banget modusi adik kelas kuwe mau. Sebut
bae jenenge Sapon. Sapon mbok anu singkatan lah. Selasa Pon. Haha lengobmen
sing nulis, kaya sing maca juga *ehh*. Sapon kuwe kacek rong taun karo Sarkem.
Dadi siki Sarkem wis 17 taun, si Sapon beke 15 taun. Ya kaya kakang adi yah!
Kakang adi ketemu gede maksude haha. Kaya bocah pedekatean jaman siki keh lah.
Toli nyeluke kaka karo adhe. Ujarku ya bapa biyunge pada bebojoan ya ora koh
yah sososan pada nyeluke kaka adhe. Haha ya biasalah jaman cah enom ya
jaman-jaman alay. Kaya nyong bae. Ngaku nyong tah. Emange ko haha.
Nah si Sarkem kweh kan
ngefans aring si Sapon, tapi Sapone ora peka bae. Sarkem wis mencoba segala hal
pokoke lah, mulai dari nggawe status, nggawe pm, ngosih nglebokna foto neng
fesbuk, instagram, genti dp, ngantek gaweni puisi + tulisan alay utawa ala
*ehhnyindirdewekkieh*, tetep bae si Sapon ora peka. Mbok anu banget larane lah.
Saben dina kari ngenteni nang parkiran ya Sarkem nggoletine si Sapon. Nggoleti
motore lah masa nggoleti apane, semp*ke apa? *ehh*. Pokoke saben dina Sarkem
kur tinuju aring Sapon lah. Dadi semangat nemen nggoli sekolah. Jam 2 esuk wis
tangi trus jam 3 mangkat. Haha kwe sekolah apa anu arep saur bersama neng
sekolah? Ora dik kie tah anu nglombo yakin suerr. Ya intine dadi luwih sregep
lah. Ya jenenge wong jatuh cinta sih kepiwe? Tau mbok ko? Apa anu ora tau? Ya
nggilani kebangeten lah! Anu ora payu yah? *ehh*
Sarkem moduse udu kur
neng kono tok. Nganti kari arep badog neng kantin *hahamadanglehmadang*, arep
motokopet *maksudenyongmotokopimaaflehsalahketik*, trus arep olahraga, ya tetep
nggoleti Sapon. Kangen sih. Ya jenenge baen wong nom lah. Tau nom mbok ko? Apa
lair langsung semono? Ya berat yah biyungmu nggoli ngetokna wong segede ko
haha. Pokoke Sarkem nggoleti Sapon bae. Ora bosen-bosen lah. Ngantek suatu
dina, saking kesuhe Sarkem, kesuh apa anu gela kiye lah lanang lengob yah ora
peka-peka *ehh* Sarkem memberanikan diri ngomong aring Sapon bahwa selama kiye
kweh Sarkem anu ngefans aring Sapon. Ngomonge kaya kie. Neng sms tapi. Asline
tah ya mbut ya mbreng ora tidokan! Nden kebongkar kabeh rahasiane nyong *ehh*
-Pon Pon nyong agep ngomong lah
- Ngomong apa sih mba ? Ngomong gari ngomong koh berat nemen
kayong? Lagi ora due duit apa mba? Arep ngutang medek?
-Leh aja suudzon disit Pon ora ilok yakin temenan. Nyong ge
ya due duit lah, ora ketang 2500
-Las bodoa ko mba lah! Arep ngomong apa cem? Bet ngising
apa? Apa kencot?
-Wuus digilmu sih *ehh* anu kiye Pon jane aku ngefans aring
ko selama kiye. Nah ko piwe?
-Oh kaya kue mba. Ya suwun.
Nah smse Sapon kweh
terakhir mung kayakue tok. Sarkem awale ya lega. Lega pisan lah wis ngungkapna.
Kan ayem lhoh. Atine tenang. Ora gemrungsung. Ora gela bae. Nah ndilaloeh Sapone
dadi ora penak aring si Sarkem. Gara-gara Sarkem ngungkapna kayakue, Sapon
tekanan batin, trus stress kentir bar kuwe bunuh diri. Haha ora dik kyetah
lombo maning yakin. Intine saiki Sapon
dadi ngadohi Sarkem. Kwe karena Sapon ngerti bahwa kari Sapon tetep ngladeni Sarkem,
Sarkeme bakal lara ngati. Ya iya yah wong anu Sapone ge ora seneng Sarkem.
Senenge aring wadon liya, nah pirang minggune Sapon jadian karo gendakane. Mbok
si Sarkem ya lara nemen. Wuu dasar lanang
lengob! Bali bae nganah njaluk duit mamake nggo tuku kemben karo gelung, tuku
kut*ng sisan kweh! Trus denggo! Livenan sisan! Nah roke/ondere juga denggo!
Awas ko yah mangsa oraha! Nggawe lara nyong ngko toli kualat! Nah Sarkem
mesti mbatin kayakuwe kari weruh Sapon. Sarkem dadi wadeh nemen pokoke aring Sapon.
Malahan siki Sapon kari sekolah motore ora degawa meng parkiran. Ngerti sih
mbok ketemu Sarkem. Akhire dentun nggone batire. Haha ya gobelmen yah Sarkeme
malah dadi tambah wadeh.
Nah mulane daripada lara
ngati kaya kuwe suka rusah nggoleti lanangan utawa wadonan lah. Nggo apa sih?
Ora penting mbok? Kayakie ya malah dadi nambah daftar musuh alias wong sing
diwadehi mbok? Dadi ngadohna tali silaturahmi mbok? Kan eman-eman lhoh. Mikinen
batir malah dadi udu batir. Ya tuna ko kem. Sarkem! Mulane sekolah ya sing
bener, usah pada nggoleti pacar lah. Empan apa sih pacar. Empan celeng? *ehh*.
Jomblo bae wis kaya nyong lah. Haha padune anu ora payu yah. Huss aja ngomong
kekue lah! Udu ora payu tapi urung payu. Manut bae nin sing maca lengobmen lah
kuweh keseriusen sih keit mau maca bae ngantek ora kedip acan haha.
Yawislah critane kaya
kue. Muga-muga ko sing pada senasib kaya nasibe Sarkem kyeh bisa dinei
kesabaran dening Gusti Alloh. Rusah galo-galaoan lah wagu, meleih, ora patut.
Apa gunane jajal? Ngubaih nyawa urip ngerti? Dadine enjoy bae lah, nikmati bae
syukuri bae. Kader gara-gara masalah kayakie ora bakal ngubah uripe ko. Ko ya
tetep ko. Sarkem ya tetep Sarkem. Ora bakal bisa diubah dadi kewan mbok?
*apahubunganejajal*. Bodoa yah sekarepe nyong koh siapa loh? Haha. Nah bareng
kedadean kiye Sarkem siki dadi seneng banget nyeteli lagu sakitnya tuh disini.
Ngibing mbari udud + nyiu *ehh*.
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Pages
Diberdayakan oleh Blogger.
Popular Posts
-
Asal Usul Sejarah Legenda Zombie Zombie sebenarnya berasal dan muncul dari pulau Haiti di Karibia. Mereka adalah orang2 yang hampir...
-
Tapi Bukan Aku yang Kau Cinta Aku tahu setiap orang menginginkan hidup bahagia bersama pasangannya masing-masing. Tapi beda halnya d...
-
Manusia Tertinggi di Indonesia 2,71 m, dari Lampung Suparwono, 24, berharap agar namanya bisa tercatat sebagai manusia tertinggi di dunia...
-
Assalamualaikum Lur balik maning kyeh karo Sarkem. Piwe kabare pada? Sehat mbok? Kari nyyong tah ya sehat lah, kur ora waras *ehh*. Nah s...
-
Assalamualaikum sedulur ketemu maning karo nyong, Sarkem. Kepriwe pada kabare Lur apik mbok? Semoga bae pada waras ya aja pada gemblung kay...
-
URIP Anggitanipun Via Okvitasari Umah gedhe diut akeh Nanging, karo tangga ora sumeh Merga dudu uwong sholeh Mulane tanggane...
-
Hampir semua orang didunia ini mengenal vampire sebagai makhluk mengerikan penghisap darah. Vampire sangat terkenal dan sering dijadikan...
-
BACK TO TEARS Hari berganti hari, minggu berganti minggu, bulan berganti bulan, tahun berganti tahun. Kini Vena telah menginjak usia...
-
KECANDUAN Assalamualaikum sedulur. Nyong hadir maning arep jublegan. Kye neng kene tah lagi mendung, dadi pernane kayong mandan ngantuk...
-
Berikut ini adalah video keajaiban dunia Aurora Borealis yang biasa terjadi didaerah kutub Silakan DOWNLOAD DISINI
0 komentar:
Posting Komentar