sponbop :)

my uburrr

MITOSE WONG JAWA

Assalamualaikum sedulur ketemu maning karo nyong, Sarkem. Kepriwe pada kabare Lur apik mbok? Semoga bae pada waras ya aja pada gemblung kaya sing maca. Ehh :D
Oya sedulur nyong balik maning kyeh pengin crita semending tentang pirang-pirang pengalamane nyong. Cara nJawane ya curhat utawi curcol. Kyeh desimak bener-bener ya!
Dadi kaya kiye Lur, nyong kepengin crita babagan mitos utawi hal-hal sing jere wong Jawa kweh ngomonge 'ora ilok'. Nah kiye kyeh, sing aran wong Jawa mesti akeh banget hal-hal sing ora ilok. Kye ora ilok, kae ora ilok, kabeh-kabeh ora ilok. Nah disambung-sambungna karo karma ora iloke kuweh, jan babar blas ora nyambung acan! Kyeh tak tidokna ya.

  • Ora ilok maem disangga

Kye nyong ngerti jere biyunge Lur. Jere ora ilok nek lagi madang piring utawi mangkoke disangga. Apamaning prawan. Beuhh ngadu bener-bener degatekna, aja ora! Jere biyunge nyong nek ana wong madang koh piringe disangga kwe mbesuke bojone bakal dijaluk wong liya. Yuh koh! Mbasanu sing kur kelangan duit 3000 be kaya susah nemen yah Lur. Apamaning nekan kelangan bojo gegara dijaluk wong liya. Hualah aja takon. Salah sue dukun bisa bertindak. Haha. Aja ding, siki wis jaman millenium. Wis ora mangsan dukun-dukunan. Pensiun gasik kuwelah dukune haha. Balik maning lah aja kadohen gole crita. Dadi kaya kuwr Lur. Ora gelem mbok nekan bojone dijaluk wong liya? Mulane madange aja disangga. Janen asline ora olij disangga kweh mbok segane tumplek. Ngko wutah malah mubah gigal kabeh ora sida depangan. Kan eman-eman. Ngungun seporete mbok? Asline tah kaya kuwe. Secara nalaran utek loh. Tapi ndeng wong tua nini sesepuhe nyong rika pada disleweng-slewengna ora genah. Tapi aja wani-wani nyepelekna mitose wong Jawa ya Lur. Ngandel apa ora, kadang kaya kuwe bener-bener kedadeyan. Mbuh kebeneran mbuh apa kuweh.

  • Aja njagong neng tengah lawang mbok lamar balik.

Kye ana maning istilah lamar balik. Jarene wong tua kweh arep delamar tapi ora sida. Kan gawe isin sedunia jagad raya Indonesia merdeka. Haha. Jere yah nek khususe go wong wadon, prawan, duh sasarane prawan bae piwe si yoh? Yambut ya mbreng :D pokoke wong wadon pantangan njagong neng lawang. Maksude udu lawange dedungkar trus dejagongi kwe udu Lur. Pokoke njagong neng tengah lawang angger debukak. Yaiya lah debukak nek detutup nden ora bisa dijagongi. Haha. Mbuh asale sekangendi, jere biyunge nyong kweh ora ilok. Janen nekan depikir secara ngutek yah, khusus sing due utek tapi haha :p, larangan kon aja njagong neng tengah lawang kweh anu bisa ngalangi dalan. Ngko wong sing arep masup dadi angel ora keduman dalan. Apa ya enggane arep dejigrangi ndase? Eh sirahe? :D ya nden lewih ora ilok. Mbajug kwe jenenge. Nah asline kaya kuwe Lur. Mbuh dasar ninine nyong rika pada anu galau ndean pernah dilamar balik mulane gaweni mitos kayakuwe ya mbuh lah yah sapaha sing ngerti yah Lur. Sing ngandel ya ngonoh sing ora ya orapapa aso baen. Kye tah kur nggo pengetahuane nyong rika pada.

  • Aja petan esuk-esuk, mbok detagih utang!

Kye jujur bae nyong ya mandan bingung. Kye omongane mamake nyong. Dong kae bapake nyong kan lagi ora ngode, dina kliwon sih, kan pasaran prei, dadine jublegan bae nengumah. Nah isuk-isuk sekitar jam 8 geger njaluk dipetani uwane. Uwan loh rambut putih. Udu rambut ngisor. Sejen! Haha. Nah jerene nek petan esuk-esuk bisa ditagih utang. Khusus nggo sing due utang tapi. Yalah ora due utang sih arep detagih apane yah. Haha. Jarku tah ya nalare nek esuk-esuk petan kan dadi ora ngode, dadi ora nyambut gawe, dadi ora kerja. Kan dadi ora due duit. Nah ngko nek detagih utang gari ora teyeng nyaur gari klabakan kaya ketunggeng njengat. Haha. Kyetah ujarku yah Lur. Bener aporane pikir dewek nganah mbari repek apa jedil kacang. Haha. Mulane mending esuk-esuk tah nyambut gawe, ngko detagih utang dadi duwe duit.


  • Ayam wengi-wengi kluruk, ana prawan meteng

Kye ya nyong juga madan bingung, apa urusane ayam kluruk wengi-wengi koh ana prawan meteng jajal? Apa ayame sing metengi prawan kwe mau apa kepriwe? Ya nglindur lah ora mungkin! Aneh yah. Aneh maning wong prawan-prawan bisa meteng? Genah wong meteng mesti ya anu wis ora prawan alias wis diprawani. Iya mbok? Haha pada gagal fokus kyelah. Nek denalar ngutek ya angel juga. Tapi mitos kiye wis terkenal banget lah. Ndilalahe ya mbasanu bener kweh. Kebeneran apa udu ya mbuh kwetah sing ngerti kur Gusti Alloh, dewek arep ngandel mitos kiye ya ngonoh ora ya belih. Aja depikir Lur mbok njepat utekmu haha.


Nah kwe pira-pira mitos sing nyong ngerti. Janen esih akeh tapi nggo kapan-kapan maning lah. Sepisan maning arep ngandel ya ngonoh arep ora ya belih ora urusan ora urunan ora due receh haha. Sing penting kyetah kur nggo hiburan ples pengetahuan tok ya Lur. Ketemu maning kapan-kapan ya. Siyuleter. Assalamualaikum.

Pages

Diberdayakan oleh Blogger.

Popular Posts

buku tamu :)

Code CBox milik sampeyan
Mau buat buku tamu ini ?
Klik di sini

kursor

Blogger Widgets

kursor

Blogger Widgets

Blogger news

Blogger templates