sponbop :)

my uburrr

MITOSE WONG JAWA

Assalamualaikum sedulur ketemu maning karo nyong, Sarkem. Kepriwe pada kabare Lur apik mbok? Semoga bae pada waras ya aja pada gemblung kaya sing maca. Ehh :D
Oya sedulur nyong balik maning kyeh pengin crita semending tentang pirang-pirang pengalamane nyong. Cara nJawane ya curhat utawi curcol. Kyeh desimak bener-bener ya!
Dadi kaya kiye Lur, nyong kepengin crita babagan mitos utawi hal-hal sing jere wong Jawa kweh ngomonge 'ora ilok'. Nah kiye kyeh, sing aran wong Jawa mesti akeh banget hal-hal sing ora ilok. Kye ora ilok, kae ora ilok, kabeh-kabeh ora ilok. Nah disambung-sambungna karo karma ora iloke kuweh, jan babar blas ora nyambung acan! Kyeh tak tidokna ya.

  • Ora ilok maem disangga

Kye nyong ngerti jere biyunge Lur. Jere ora ilok nek lagi madang piring utawi mangkoke disangga. Apamaning prawan. Beuhh ngadu bener-bener degatekna, aja ora! Jere biyunge nyong nek ana wong madang koh piringe disangga kwe mbesuke bojone bakal dijaluk wong liya. Yuh koh! Mbasanu sing kur kelangan duit 3000 be kaya susah nemen yah Lur. Apamaning nekan kelangan bojo gegara dijaluk wong liya. Hualah aja takon. Salah sue dukun bisa bertindak. Haha. Aja ding, siki wis jaman millenium. Wis ora mangsan dukun-dukunan. Pensiun gasik kuwelah dukune haha. Balik maning lah aja kadohen gole crita. Dadi kaya kuwr Lur. Ora gelem mbok nekan bojone dijaluk wong liya? Mulane madange aja disangga. Janen asline ora olij disangga kweh mbok segane tumplek. Ngko wutah malah mubah gigal kabeh ora sida depangan. Kan eman-eman. Ngungun seporete mbok? Asline tah kaya kuwe. Secara nalaran utek loh. Tapi ndeng wong tua nini sesepuhe nyong rika pada disleweng-slewengna ora genah. Tapi aja wani-wani nyepelekna mitose wong Jawa ya Lur. Ngandel apa ora, kadang kaya kuwe bener-bener kedadeyan. Mbuh kebeneran mbuh apa kuweh.

  • Aja njagong neng tengah lawang mbok lamar balik.

Kye ana maning istilah lamar balik. Jarene wong tua kweh arep delamar tapi ora sida. Kan gawe isin sedunia jagad raya Indonesia merdeka. Haha. Jere yah nek khususe go wong wadon, prawan, duh sasarane prawan bae piwe si yoh? Yambut ya mbreng :D pokoke wong wadon pantangan njagong neng lawang. Maksude udu lawange dedungkar trus dejagongi kwe udu Lur. Pokoke njagong neng tengah lawang angger debukak. Yaiya lah debukak nek detutup nden ora bisa dijagongi. Haha. Mbuh asale sekangendi, jere biyunge nyong kweh ora ilok. Janen nekan depikir secara ngutek yah, khusus sing due utek tapi haha :p, larangan kon aja njagong neng tengah lawang kweh anu bisa ngalangi dalan. Ngko wong sing arep masup dadi angel ora keduman dalan. Apa ya enggane arep dejigrangi ndase? Eh sirahe? :D ya nden lewih ora ilok. Mbajug kwe jenenge. Nah asline kaya kuwe Lur. Mbuh dasar ninine nyong rika pada anu galau ndean pernah dilamar balik mulane gaweni mitos kayakuwe ya mbuh lah yah sapaha sing ngerti yah Lur. Sing ngandel ya ngonoh sing ora ya orapapa aso baen. Kye tah kur nggo pengetahuane nyong rika pada.

  • Aja petan esuk-esuk, mbok detagih utang!

Kye jujur bae nyong ya mandan bingung. Kye omongane mamake nyong. Dong kae bapake nyong kan lagi ora ngode, dina kliwon sih, kan pasaran prei, dadine jublegan bae nengumah. Nah isuk-isuk sekitar jam 8 geger njaluk dipetani uwane. Uwan loh rambut putih. Udu rambut ngisor. Sejen! Haha. Nah jerene nek petan esuk-esuk bisa ditagih utang. Khusus nggo sing due utang tapi. Yalah ora due utang sih arep detagih apane yah. Haha. Jarku tah ya nalare nek esuk-esuk petan kan dadi ora ngode, dadi ora nyambut gawe, dadi ora kerja. Kan dadi ora due duit. Nah ngko nek detagih utang gari ora teyeng nyaur gari klabakan kaya ketunggeng njengat. Haha. Kyetah ujarku yah Lur. Bener aporane pikir dewek nganah mbari repek apa jedil kacang. Haha. Mulane mending esuk-esuk tah nyambut gawe, ngko detagih utang dadi duwe duit.


  • Ayam wengi-wengi kluruk, ana prawan meteng

Kye ya nyong juga madan bingung, apa urusane ayam kluruk wengi-wengi koh ana prawan meteng jajal? Apa ayame sing metengi prawan kwe mau apa kepriwe? Ya nglindur lah ora mungkin! Aneh yah. Aneh maning wong prawan-prawan bisa meteng? Genah wong meteng mesti ya anu wis ora prawan alias wis diprawani. Iya mbok? Haha pada gagal fokus kyelah. Nek denalar ngutek ya angel juga. Tapi mitos kiye wis terkenal banget lah. Ndilalahe ya mbasanu bener kweh. Kebeneran apa udu ya mbuh kwetah sing ngerti kur Gusti Alloh, dewek arep ngandel mitos kiye ya ngonoh ora ya belih. Aja depikir Lur mbok njepat utekmu haha.


Nah kwe pira-pira mitos sing nyong ngerti. Janen esih akeh tapi nggo kapan-kapan maning lah. Sepisan maning arep ngandel ya ngonoh arep ora ya belih ora urusan ora urunan ora due receh haha. Sing penting kyetah kur nggo hiburan ples pengetahuan tok ya Lur. Ketemu maning kapan-kapan ya. Siyuleter. Assalamualaikum.

KECANDUAN

Assalamualaikum sedulur. Nyong hadir maning arep jublegan. Kye neng kene tah lagi mendung, dadi pernane kayong mandan ngantuk hawane. Tapi ya las orapapa aja kakean ngeluh. Bersyukur bae, mendung ya penak nggo turu kelon ngepi kampil. Yambok?

Dadi nyong saiki pengin jublegan babagan kecanduan. Apasi yah, nJawane ya anu pegawean sing gawe pengin maning seteruse. Ora bisa ora. Ora gelem ora. Pokoke ngadu iya. Angger wis ngadreng yawis. Pokoke ngadu deturuti apa sing dikarepna mau kuwe. Duh jan wong kecanduan kwe pancen angel. Nek kecanduan barang apik, kaya ngamal, moco Al Quran, sholawatan, sih orapapa yah lur. Kwe malah kecanduan suwergo. Barang apik nemen kwetah. Nyong be gelem. Tapi nek kahanane kecanduan barang ala, keprimen jajal? Nah kiye kyeh sing bahaya marakna pega ambekane wong tua. Wong kecanduan kwe ibarat wong ngadreng bet ngising. Karepe ngadu ditokna 'emas'e. Kuwe sih anu hukum alam yah lur, tapi nek masalaeh kecanduan barang langka tur angel, arep kerpiwe jajal? 

Nah jajal saiki nyong arep mreteli ana pirang-pirang hal sing marakna gawe kecanduan. Disemok kye yah! Eh disimak maksude :D

Narkotika
Kiye maksude apa jajal lur? Koh bisa-bisane narkotika nggawe nyong rika pada kecanduan ngasih ngadreng? Nah dadi kaya kiye menurut penelitian narkotika kuwe ana zat sing marakna dewek wajib mengkonsumsi utawi wajib mangan narkotika kuwe, soalw nek ora dipangan dewek bakale lara, teler, nggeleleng, sakau, gentangayang, sempoyongan, pokoke ora enak pisan rasane. Nah akibat paling elek sekang mbandrengi narkotika kiye bisa marakna mati! Kweh mbok lur apa ora mringgani pisan? Iyalah nyong be ya sing mbeke ngerti ya prandang prinding kaya kiye. Tengan bahaya nemen yah jan jan. Tapi aja kuwatir ding lur. Ternyata menurut penelitian sing nyong olih narkotika kwe kepanjangane NAsi Rames KOpi TIwul karo KAmpel. Haha ya iya marakna mati nek ora depangan lah! Wong kuwe panganane nyong rika pada. Sorry sorry lur. Aku be ya maca ket mau spaneng ujare anu apa :D

Narkoba
Nah kiye kyeh batire narkotika kaeh mau. Tapi kye tah temenan gawe mbandreng. Kaeh mau akibat paling eleke sih wis genah mati sisan yah. Kiye akibat sing paling mringgani yah lur, bisa gawe weteng lara bae, ilat mele bae, trus iler njrejes bae. Berdasarkan survei kyeh anu dong kae tanggane nyong ngalami sih. Nggal dina mangani narkoba, pisanen ora, ya kayakuwe. Efek candune langsung krasa. Jebule bareng digawa rumasakit, kwe tanggane nyong kewenangan tur didiagnosa jarene wong kuwe lara dumehen ora ngonsumsi narkoba sedina. Jebule bareng detengeri maning narkoba kuwe anu NAsi Rames KarO Bakwan Anget. Haha dawir dawir ujarku anu kenangapa malah wong sableng kaya kuwe detulungi, eram! :D

CIU
kabeh wong ya ngerti ciu. Sing jere rasane andan getir asin asin kepiwe kaya kuwe. Lah kye tah nyong serius arep crita tenganen ciu kwe temenan marakna kecanduan alias mbandreng. Asli yakin! Soale jujur bae nyong wingi ngalami. Dadi nyong dinei ciu pas neng dalan. Ujarku ya anu apa yah, mengini pisan. Nyong ya langsung ngiler pen langsung tek cipok. Eh maksude pengin langsung tek plok neng cangkem loh depangan. Aja pada saru ya lah pikirane! Hualah konangan gunane mikit ngeres kwe yah. Haha :p wis wis lanjut maning lah kye crita serius. Lah mbarang wis tek pangan koh rasane nyong dadi pengin maning lan maning. Ternyata bareng aku takon maring wong sing aweh pertama maring nyong kaeh, jebule kwe anu ciu! Ya ambrol nyong kaget seporete. Lewih kaget maning jebule ciu kweh anu CImol diUyaih. Haha. Enak maning ana rasa uyah sing jagung, balado, sambel trasi, las ana akeh pokoke. Haha. Kwe marakna nyong kecanduan ngasih mbandreng. Kye crita asli no hoax. Haha :D

Mulane ya lur. Nggole maca aja keseriusen mulane ngko ora kaget. Biasa bae mawi mlongo kaya celengan jago! Haha. Aso lur kye mung nggo hiburan. Men ora pada spaneng. Wis ketemu maning kapankapan ya. Sementing aja pada kangen. Haha

Wassalamualaikum :)

HATERS

Assalamualaikum sedulur alhamdulillah ketemu maning karo nyong. Sarkem tralala hadir maning kiyeh. Mandan suwe ora nulis ngapak kaya kiye lur. Sibuk mandan. Telahir pas SMA kayongen. Siki wis mahasiswa kayong pengin nulis maning. Simak kiye lur pengalamane nyong selama suwe ora nulis. Muga muga rika pada kangen yah haha

Wis ana sekitar setaun nyong ora curhat neng tulisan. Apa-apa sing tek rasa ya mung sebatas tek rasa tok. Babar blas ora kober nulis nyong. Sibuk sih ya mandan. Soale nyong geh wingi-wingi gubes mikiri kelulusan SMA, pendaftaran kuliah, pendaftaran pondok lass pokoke tetek mbengek rubes pisan. Nah siki wis madan omber wektune ya sending-sending teyeng nulis lah ora ketang mbuh sepiraha. Dasare sdela maning puasahan lah. Bombongane ya silaturahmi jaluk pangampura karo sedulur kabeh. Yapora? Diyani bae lah men solehah :D

Wong urip pancen ora kena detebak yah lur. Mbasanu sedalan karo penge dewek. Mbasanu ya ora sedalan karo karepe dewek. Kabeh mau ya anu kersane Gusti Alloh seng gawe urip. Dadi nyong rika pada ya mung iso pasrah nrima tur ngadu bersyukur temenanan. Aja ngasih ora lur. Seng denei dening Gusti Alloh kuwe ya mesti seng paling apik nggo nyong rika pada. Termasuk rika maca wacanan kiye ya anu kersane Gusti Alloh sing terbaik pokoke haha. Dadi aja pada ngresulah ya lur :)

Nyong saiki agep crita beberapa pengalamane nyong sing kayong berkesan banget sing ndilalahe urung kober tak postingna. Muga-muga manfangat tur iso dijukut hikmaeh. Sementing aja dijukut duite. Dasare yanu langka haha. Semok kyeh. Eh maksude simak kyeh temenanan. Aja kelalen mbari kedip ambekan tur istighfar B-)
Nyong arepan mbahas sitik tentang haters utawi wong sing wadeh meng dewek utawi wong seng cokan ngomongi ke'ala'ane dewek. Aja kegawa omongane wong ya lur. Tetep inthili apa karepe atimu. Sementing positip. Jaman siki pancen aneh ya lur. Dewek sing nglakoni, Gusti Alloh sing ngwales, wong tua sing ngidini, tapi wong lain sing komeni. Mbuh arep apik apa ala, sing aran wong komen mesti mambrah-mambrah. Mending komen apik orapapa. Komen ala, apa ora gawe pega? Nah kiye kyeh sing tenanen mandan ditengeri men nyong rika pada ora kepelu omongan utawi komenan alane wong maring dewek. Cara gaule wong siki ya gole ngomong 'haters'. Cara nyong ya ngomonge 'wong sirik'. Padune ora mampu kaya dewek mulanen ngiwiwi apa bae sing berkaitan karo dewek. Sarane nyong yah lur aja kepengaruh apa omonge haters kuwe. Arep ngomong apa bae tentang rika pada, mawi derungu, mawi degugu. Jorna bae. Toli lambene boyeh dewek. Suwing ya suwing sukurin ngidin! Haha. Eh aja kaya kuwe ding. Intine jorna. Tangane dewek sing loro cacahe kiye denggo bae nggo nutup kuping karo nggo ndonga maring Gusti Alloh men wong kuwe sing dadi haters mari ngiwiwi dewek, sadar tur ora nggangguni deweke maning. Jane sing aran haters ya anu basa aluse kaya 'fans', kur tok gole ngefans maring dewek kwe anu keliwat ndean yah, mulanen dadine kaya kuwe. Dewek duwe fans kan ternan-ternane kayong seneng bungah kaya kuwe loh. Sanajan eleka kaya anakan lutung ya rika tetep duwe fans. Yaora lur? Haha ora ora. Guyon lah. Dadi sarane nyong ya kaya kuwe nekan rika due haters. Intine sabar lan aja kegawa omongan haters kuwe mau. Insya alloh uripe dewek ya ayem tentrem ora kakean congkel. Yambok? Kaderan dewek urip udu gegara haters kuwe mbok? Dewek urip mung nggo Gusti Alloh tok. Wis. Titik. Ora nggo sapa-sapa.

Dadi ya intine kaya kuwe lah yah pikir dewek ngonoh. Wis disemok kan mau? Eh disimak maksude. Hehe. Semoga manfangat. Kesuwun wis ngoberi maca postingan kiye. Ketemu maning kapan-kapan maning kari nyong kober.
Wassalamualaikum wr wb.

Life. Everyone knows about life. There's so much mean of life. For my self, life is struggle. Life need so much struggle to be what we wants. But the aim of life, is just for pray to God. We have to pray to Alloh everyday, wherever we go, or whenever we are. Life as a gift from Alloh, so we have to thankfull. Always.

For me, life is mystery. We dont know whats happend next. We just guess, but we dont know is this true or false. Im very thankfull to Alloh, because give me this life. Its a perfect life. I have anything, cause Alloh give anything what i need, what i hope for, and what i wish for. I have family, a complete family. There are mom dad my brother grannie granpa, and all of my neighbour. They made my life so much colourfull. I cant imagine, how terrible my life without them. I love them all. I dont wanna make them disappointed with me. I just wanna make them happy and proud of me, with all of my struggle, my wishes and my talent. You guys have to know this, all of you are best thing of my life {}

I realize that life is not just contained with happy and happy. Sometimes, we will feel what the sadness is. Of course, where there's happy story, so there's sad story too. Its make our life balance. Im often feel sadness. Im sure its not just me. Everyone feel sadness too. We really really should face it. Sadness come quickly. We cant predict. We have to ready, everytime, to face that sadness. The form of sadness is like problem, death, lost something we loves, and many more. Its normal. Its part of life.

I have some sadness story in my life. Like i have to stay away from my family. In my life, even from i was born, i never stay away from my family. My parents always control me, always give me love. But since im become a collage, i have to move away from them. I have to stay in islamic boarding school. And its very bad time, to spent my life without my family. I have to face all of this. I cant refuse.

After long time i stay away from my parents, one by one problematica of my life come and go. Im often feel miss my family so much. I never go so far away before this. I have to patient. Teach my heart to stay strong. Everything is change. Everything is different.

More than that, i have problem with my friends, but it doesnt matter. I cant face it. I have problem to with love. Im 19 years old. Its my time to search some boy to spend his life with me. But its often failed. Its game over. Huh. Im often loves a boy, but he didnt. Its painfull i swear! I give up for this. Because there's so much thing that more important than just thinking about boyfriend.

Is the life according me. I choose it. Because life is not just coloured by one challenge, but lot of challenge. Keep spirit. Keep fight with your life. Enjoy this. And thankfull of this. Im Via Okvitasari, see you. :)


All love
VIA {}

KEPONTO, BRO!


Assalamualaikum Lur balik maning kyeh karo Sarkem. Piwe kabare pada? Sehat mbok? Kari nyyong tah ya sehat lah, kur ora waras *ehh*. Nah saiki nyong pengin cerita babagan keponto.
Ko pada tau keponto ora Lur? Ya anu sering yah, apa anu pegaweane? Keponto kari arep bali laka mikro golet ojeg laka duite ya jenenge keponto. Haha kwetah anu ko dasar kere yah. Ngeponto kwetah udu keponto *ups*. Nah sikinyong arep nyritakna beberapa pengalamane nyong pas dong keponto. Ndresani nemen sumpah. Ora penak nemen wong keponto ikuh.
1.     Keponto nang ngarep umah
Nah critane pas kae kweh wengi-wengi sekitar jam 9 Lur. Nyong karo mamake tes lunga trawe. Wulan puasa kyeh. Rajin mbok nyong nek wengi gunane trawe, nek awan gunane mangan *ehh*. Ora leh. Jane anu ngarep-arep takiran kari bali trawe toli ana keh wong sing nggawa panganan. Ana kluban ana gathot ana apem ana klepon ana cenil las anu akeh lah. Tujuwane nyong trawe kweh kuwe *ehh*. Yaora dik lah tujuwan utamane ya nggolet pahala koh yah maning sih keplak ndase sing ngomong kekue *ehh*. Sing ngomong be dewek koh haha. Nah pas kuwe nyong nang emper alias njaba umah karo mamake wong loroan. Bapane karo adine nyong kweh ora ana nang umah. Urung balik sih agi mbrekat ndean nang langgar. Nah lawang umaeh nyong kweh critane grendele copot. Ngerti grendel mbok? Bukakan lawang kaeh. Basa Indonesiane ya gagang pintu lah. Dadine ora bisa mbukak nek sekang njero. Kan lawang kweh ana jendole. Kari ora maksud ya njajal lawang umaeh ko didungkar apa diruag nganah. Mbok ko pada ora percaya soten. Maksud lah yah ko kan pada pinter, kaya nyong lah. Haha lengob. Nah jendole kweh diumpetna bapane nyong jajal. Ndilaloeh ora ngomong koh, ya nyong karo mamake nyong keder nggoleti ndarani ilang yah. Nah kebenerane salah siji kaca jendela jejer lawange nyong kweh pecah gara-gara ganu tek jotos. Haha. Lengob nemen yah! Tapi ya ana gunane juga Lur. Nah nyong menek metung kaca kuwe trus masup liwat jendela sing. Bakat maling kiyeh nyong. Nah akhire nyong karo mamake nyong bisa masup umah. Alhamdulillah.
2.     Keponto nang pom bensin
Kedadean kiye kweh bener-bener diluar dugaane nyong yakin Lur. Critane kweh yah nyong pas kae karo adine aring pasar arep njikot roti ulang taun nggo mamake nyong. Kejutan lah cara-carane, nah nyong karo adine lunga sekitar bar bedug, jam 2an lah. Nyong mboncengna adine, ndilaloeh bensine entok. Akhire nyong mbensin disit aring pom. Nah pas nyong arep mbayar, duite angel nemen dijikot. Maklumlah sake kandel kakean duit ya njikot be ngosih kangelan. Haha sosoan nemen yah padahal anu duit paling pirangewu be gemagusan nin. Aja ditiru Lur. Nah nyong ndelah kunci kuwe nang bagasi motor nang nduwur mantel. Pas nyong agi njikot duit, adine nyong nutup bagasine, tes kuwe cah loro gari kelabakan ora teyeng bali. Haha kari kaya kie sing lengob sapa? Bisa koh kunci motor kekunci neng njero  bagasi? Haha ya nden anu banget lengobe yah! Gobel nemen *ehh*. Dadi sarane nyong kari ko mbuka bagasi motor kweh, kuncine langsung tanjlepna maning aring nggon stateran. Ben ko pada ora ngalami apa sing nyong alami. Haha apa-apane yoh?
Nah dadi ujarkutah yah, wong tah ngadu waspada yakin. Sapa ngerti yah arep ana kedadeyan sing nang njaba pikirane dewek? Dadi dewek ngadu waspada. Nah sing keloro teliti. Aja maen-maen karo sing jenenge teliti yakin Lur. Ko ora teliti semending bae ya bisa dadi masalah mbok? Bisa berabeh lah. Dadi 2 hal kuwe penting, kudu digatekna. Ya udu 2 tok dik, esih akeh, kur nyong bebeh nyebutna siji-siji. Mbayar disit ngeneh setriliyun ngko tek tidokna. Haha dunyane sapa ujare yah? Dunyane firngon? *ehh*

Yawis semono disit Lur, kapan-kapan lanjut maning insya Alloh kari nyong kober. Wasalamualaikum!

SANAJAN JOMBLO TAPI TETEP ASO


Assalamualaikum sedulur balik maning kieh. Agi seneng nemen nin nulisi tulisan kaya kie sumpah. Ya mbok ana bedane yah! Mbok menawa tambah ayu apa tambah duwur kan sapa ngerti lhoo! Haha ngimpi ko Kem! Haha ya belih koh sekarepe nyong deneng ko sewot wudani sisan! *ehh*
Yawis siki aku arep crita babagan mantan. Haha geh tek tidokna yah, jujur bae nyong kari crita mantan koh kayonge mandan ngedap. Mbuh priwe nin. Kayong-kayonge anu mandan priweee kekue. Priwe apane lah Kem? Ya mbut ya mbreng rahasia koh! Kari ditidokna nden rahasiane nyong kebongkar kabeh yah haha keplak sisan ngeneh *ehh*
Geh nyong agep takon, ko kari crita mantan rasane priwe? Mesti kaya ana rasa seneng, kemutan, sedih, gela, nesu, kesuh, las campur aduk pokoke lah. Apa maning kari mantane ko kweh ngganteng utawa ayu trus putus karo ko kweh anu kur gara-gara masalah sepele. Ya Alloh mbok anu banget nyesele. Apa maning kari dewek sing mutusna. Ujarmu priwe? Kaya kuwe apora? Haha kari iya brati ko senasib lah karo nyong.
Nyong arep crita tentang salah siji mantane nyong kieh. Gagah nemen yah ngomonge salah siji, padahal ya anu duene siji tok. Haha ya nggo patut-patut lah, kon kesane kweh nyong payu, ora ketang sing gelem kur siji tok. Haha. Yawis yawis nyong jujur kyeh, mantane nyong ana 5. Sing dianggep tapi. Nah sing ora dianggep ana pira Kem? 12 mad! Haha ora dik kyetah lombo sumpah. Kentir apa mbeke 17 taun mantane 12 + 5? Ujare nyong little b*tch ndean? *ups*. Medek ora ngerti little b*tch artine apa! Haha nyong mesti medeke bener. Ya iyalah wong kye be neng Jawa, nah kwe be basa Inggris. Tek tidokna yah artine. Artine kwe kimc*l kaeh lah. Haha pada nyengir medek! Nyengir kaya celeng *ehh*. Las aja mbahas kimc*l lah mbok ora rampung-rampung nin.
Nah critane nyong putus karo mantane sekitar setaun ganu lah. Nah nyong njomblo wis olih setaun. Dela maning nyewu. Haha kaya wong mati bae koh. Haha kye lengob maning kyeh sing nulis, nyewu ya telung taun yah mbeke setaun koh nyewu! Nyewu digilmu ndean *ehh*. Lah intine setaun lalu nyong puuus karo mantane nyong. Jane ya anu sepele lah putuse. Nah kye nyong sing mutusna. Gagah nemen yoh? Gagah untumu ruag sih *ehh*. Awale tah iya nyong ngrasa dadi jomblo terhormat. Teyeng mutusna wong sih. Haha aja ditiru Lur yakin anu lengob sing nulis, kaya sing maca *ehh*. Nah siki-siki kayong mandan ngajog. Jebule mantane nyong sing kwe kweh anu bocah bener. Bener piwe maksude Kem? Ya anu eman, ngalahan. Mbok anu perfek pisan lah Lur. Mrebesmili nyong kari kemutan kenangan-kenangan ganu sumpah yakin. Kayong bodo nemen nyong nyia-nyiakna kwe bocah. Nah siki judule ya anu galao maning. Nangis maning. Kendat maning *ehh*
Nah siki mantane nyong kweh wis due pacar. Luwih ayu maning sekang nyong. Mbok ya anu ora gagah sekang ngendi? Nah sedangkan nyong esih jomblo bae ngasih lumuten. Jomblo wungkan lah jere bapa kakine nyong tah. Ndresani nemen mbok? Seprenen jajal nyong urung due pacar bae. Nggane nyong wis berdoa maring Gusti Alloh urung terkabul bae. Berusaha ya nyong juga wis berusaha. Piwe carane Kem? Ya mbut ya mbreng. Nek ditidokna ko tiron piwe jajal? Ora sudi nyong nidokna! Mol enggane nyong ngadu ngajukna proposal aring camate apa carike apa bupatine sisan ben nyong bisa olih pacar? Ya mbok anu mbahayani nemen. Kesangaren kwetah sumpah!
Dadi seprene nyong esih jomblo bae Lur. Ujarmu piwe kon nyong cepet olih pacar? Apa nyong ngadu masang raine ning toko onlen kekue? Ujare nyong apa? Didol kaya cabe bae. Cabe apa Kem? Cabe-cabean? *ehh*, apa nyong ngadu majang pengumuman neng tengah dalan bahwa nyong ora due pacar tur agi nggolet pacar kekue? Sumpah wadon mringgani kayakue tah yakin!
Balik maning lah maring masalah mantane nyong. Pacare mantane nyong kweh mbuh priwe yah, kari ndeleng nyong kweh kayong sentimen nemen! Padahal nyong ya wis teyeng move on lah. Ora ketang kadang ya madan nyesel kekue. Tapi ya kan nyong ora bakal ngrebut lah yah. Wadon apahan nyong? Kaya ora payu bae. Genah iya koh! Hu bagel watu sisan ngeneh sing ngomong *ehh*. Nyong be bingung gweh Lur. Ujarmu pada nyong ngadu piwe? *takonbae* Nyong ngadu koprol mbari jungkir walik mbari ngomong wow trus tes kuwe tahlilan kekue? Ora bakal!
Tapi dibalik putuse nyong kweh, nyong dadi mandan ana bedane koh Lur, nyong dadi ora mencenger nyekeli hape bae. Ora mejeti hape bae. Ya agep ngapa jajal sms ya smsan karo sapa, paling ya fesbukan apa instagraman apa bbman wis kuwe tok. Kwe be anu jarang nemen. Ya agep hapean hubungi sapa jajal? Hubungi malaikat? Sih ndasmu *ehh* Laka wong sing kaya pacar sih yah haha. Agep chattingan karo lemah ndean? Aja-aja ko ora ngerti chatting? Nganah takon bapa kaki mbok ngerti.
Nah ya intine dadi ora hapean bae. Bapa biyungku be ya ngasih bingung koh. Tapi ya madan seneng juga sih Lur, dadi nyong siki fokus aring sekolah, wayahe sinau ya sinau, wayahe nyambut gawe ngrewangi wong tua ya ora tau lat, wayahe ngibadah ya ngibadah, wahaye ngising ya ngising *ehh*. Ya pokoke kabeh mau kwe ya anu nyong ora sengaja lah. Ora disadari kweh nyong dadi tambah sregep. Alhamdulillah mbok.
Dadi putus karo pacar ya ana apike juga Lur! Sapa ngerti yah nyong juga dadi tambah pinter, tambah ayu juga haha ngos ndean pede nemen! Iya koh temenan kiye tah. Jere sapa? Jere dewek yah. Haha *karuan*. Ya bebek kon ora silem. Awake dewek nden dialem! Mol bebek arep ngeduk lemah kaya nggarangan? Ya ora mbok lah! Aja lengob deh plis! *critanesewot*
Dadi aja dijikot alane tok. Galao lah, sedih lah. Lah kopet sih *ehh*. Ora jaman yakin putus galo-galoan kayakuwe. Bisa bae tujuwane Gusti Alloh mutusna ko karo pacare ko kweh kon ko fokus sekolah disit. Kon aja disambi loh. Kon sekolah malah pacaran bae! Mbojo sisan bae genah! Ora mubaih duit nggo sangu nggo SPP ngo apa bae lah tetek mbengek. Iya mbok? Trus bisa juga anu kae kweh udu sing terbaik nggo ko. Dadine ko dipisahna karo kae. Bersyukur ngadune Lur! Susaeh apa? *tumbenngalim*

Nah dadine nggo ko para jomblowan utawa joblowati, aja pusing lah kari ora due pacar. Manut bae omonge nyong yakin. Manut bae kata-katane nyong. SANAJAN JOMBLO, TAPI TETEP ASO. Dijamin uripmu sante. Ora gemrungsung ora gemradag. Laah mangsane due pacar nden ya ko due pacar. Kabeh mau ya anu wis diatur Gusti Alloh koh. Gari manut bae. Manut, karo bersyukur. Uripmu bakal penak. Temenan!
Wis disit arep turu. assalamualaikum!

SAKITNYA TUH DISINI

SAKITNYA TUH DISINI
Assalamualaikum sedulur alhamdulillah kieh bisa nulis maning ora ketang sepetit lah kena nggo ngisi wektune nyong. Haha padahal tah tugas ge ya anu numpuk se Gunung Slamet sing neng ngalore Baturraden. Haha apal mbok? Rutin sh nyong! Haha rutin ngapa kuwe? Ya mbut ya mbreng, ora tidokan! Tapi ya ora papa lah sekarepe nyong mbok? Ya ora? Antuk sih ngapa aja mencenger bae kaya kue nggilani kweh lah raine ala nemen *ehh*
Dadi nyong pengin crita maning kyeh. Ko pada ngerti lagu Sakitnya Tuh Disini mbok? Lagu sing agi tenar nemen kaeh? Ngantek bayi karo tengah tauh ge teyeng ngibing ibingane? Haha ora dik anu lombo kie tah suerr. Pokoke lagu dangdut lah. Sing denyanyikna daning mbokayune nyong kaeh lah sing ayu pisan ora kaya nyong *hahangakukoh* lah ya intine lagu kuwe lah. Nah saiki nyong pengin crita babagan Sakitnya Tuh Disini.
Nah cara-carane Sarkem kweh agi ngefans aring adik kelas. Haha keit wingi tembangane kuweee bae. Seneng adik kelas lah ngefans adik kelas lah. Ngko aja-aja si Sarkem pedofilia kiye? Seneng cah cilik? Haha aja ngasih ya amit-amit jabang bayi jabang celeng aja ngasih *ehh*. Nah Sarkem kiye sering banget modusi adik kelas kuwe mau. Sebut bae jenenge Sapon. Sapon mbok anu singkatan lah. Selasa Pon. Haha lengobmen sing nulis, kaya sing maca juga *ehh*. Sapon kuwe kacek rong taun karo Sarkem. Dadi siki Sarkem wis 17 taun, si Sapon beke 15 taun. Ya kaya kakang adi yah! Kakang adi ketemu gede maksude haha. Kaya bocah pedekatean jaman siki keh lah. Toli nyeluke kaka karo adhe. Ujarku ya bapa biyunge pada bebojoan ya ora koh yah sososan pada nyeluke kaka adhe. Haha ya biasalah jaman cah enom ya jaman-jaman alay. Kaya nyong bae. Ngaku nyong tah. Emange ko haha.
Nah si Sarkem kweh kan ngefans aring si Sapon, tapi Sapone ora peka bae. Sarkem wis mencoba segala hal pokoke lah, mulai dari nggawe status, nggawe pm, ngosih nglebokna foto neng fesbuk, instagram, genti dp, ngantek gaweni puisi + tulisan alay utawa ala *ehhnyindirdewekkieh*, tetep bae si Sapon ora peka. Mbok anu banget larane lah. Saben dina kari ngenteni nang parkiran ya Sarkem nggoletine si Sapon. Nggoleti motore lah masa nggoleti apane, semp*ke apa? *ehh*. Pokoke saben dina Sarkem kur tinuju aring Sapon lah. Dadi semangat nemen nggoli sekolah. Jam 2 esuk wis tangi trus jam 3 mangkat. Haha kwe sekolah apa anu arep saur bersama neng sekolah? Ora dik kie tah anu nglombo yakin suerr. Ya intine dadi luwih sregep lah. Ya jenenge wong jatuh cinta sih kepiwe? Tau mbok ko? Apa anu ora tau? Ya nggilani kebangeten lah! Anu ora payu yah? *ehh*
Sarkem moduse udu kur neng kono tok. Nganti kari arep badog neng kantin *hahamadanglehmadang*, arep motokopet *maksudenyongmotokopimaaflehsalahketik*, trus arep olahraga, ya tetep nggoleti Sapon. Kangen sih. Ya jenenge baen wong nom lah. Tau nom mbok ko? Apa lair langsung semono? Ya berat yah biyungmu nggoli ngetokna wong segede ko haha. Pokoke Sarkem nggoleti Sapon bae. Ora bosen-bosen lah. Ngantek suatu dina, saking kesuhe Sarkem, kesuh apa anu gela kiye lah lanang lengob yah ora peka-peka *ehh* Sarkem memberanikan diri ngomong aring Sapon bahwa selama kiye kweh Sarkem anu ngefans aring Sapon. Ngomonge kaya kie. Neng sms tapi. Asline tah ya mbut ya mbreng ora tidokan! Nden kebongkar kabeh rahasiane nyong *ehh*

-Pon Pon nyong agep ngomong lah
- Ngomong apa sih mba ? Ngomong gari ngomong koh berat nemen kayong? Lagi ora due duit apa mba? Arep ngutang medek?
-Leh aja suudzon disit Pon ora ilok yakin temenan. Nyong ge ya due duit lah, ora ketang 2500
-Las bodoa ko mba lah! Arep ngomong apa cem? Bet ngising apa? Apa kencot?
-Wuus digilmu sih *ehh* anu kiye Pon jane aku ngefans aring ko selama kiye. Nah ko piwe?
-Oh kaya kue mba. Ya suwun.
Nah smse Sapon kweh terakhir mung kayakue tok. Sarkem awale ya lega. Lega pisan lah wis ngungkapna. Kan ayem lhoh. Atine tenang. Ora gemrungsung. Ora gela bae. Nah ndilaloeh Sapone dadi ora penak aring si Sarkem. Gara-gara Sarkem ngungkapna kayakue, Sapon tekanan batin, trus stress kentir bar kuwe bunuh diri. Haha ora dik kyetah lombo  maning yakin. Intine saiki Sapon dadi ngadohi Sarkem. Kwe karena Sapon ngerti bahwa kari Sapon tetep ngladeni Sarkem, Sarkeme bakal lara ngati. Ya iya yah wong anu Sapone ge ora seneng Sarkem. Senenge aring wadon liya, nah pirang minggune Sapon jadian karo gendakane. Mbok si Sarkem ya lara nemen. Wuu dasar lanang lengob! Bali bae nganah njaluk duit mamake nggo tuku kemben karo gelung, tuku kut*ng sisan kweh! Trus denggo! Livenan sisan! Nah roke/ondere juga denggo! Awas ko yah mangsa oraha! Nggawe lara nyong ngko toli kualat! Nah Sarkem mesti mbatin kayakuwe kari weruh Sapon. Sarkem dadi wadeh nemen pokoke aring Sapon. Malahan siki Sapon kari sekolah motore ora degawa meng parkiran. Ngerti sih mbok ketemu Sarkem. Akhire dentun nggone batire. Haha ya gobelmen yah Sarkeme malah dadi tambah wadeh.
Nah mulane daripada lara ngati kaya kuwe suka rusah nggoleti lanangan utawa wadonan lah. Nggo apa sih? Ora penting mbok? Kayakie ya malah dadi nambah daftar musuh alias wong sing diwadehi mbok? Dadi ngadohna tali silaturahmi mbok? Kan eman-eman lhoh. Mikinen batir malah dadi udu batir. Ya tuna ko kem. Sarkem! Mulane sekolah ya sing bener, usah pada nggoleti pacar lah. Empan apa sih pacar. Empan celeng? *ehh*. Jomblo bae wis kaya nyong lah. Haha padune anu ora payu yah. Huss aja ngomong kekue lah! Udu ora payu tapi urung payu. Manut bae nin sing maca lengobmen lah kuweh keseriusen sih keit mau maca bae ngantek ora kedip acan haha.

Yawislah critane kaya kue. Muga-muga ko sing pada senasib kaya nasibe Sarkem kyeh bisa dinei kesabaran dening Gusti Alloh. Rusah galo-galaoan lah wagu, meleih, ora patut. Apa gunane jajal? Ngubaih nyawa urip ngerti? Dadine enjoy bae lah, nikmati bae syukuri bae. Kader gara-gara masalah kayakie ora bakal ngubah uripe ko. Ko ya tetep ko. Sarkem ya tetep Sarkem. Ora bakal bisa diubah dadi kewan mbok? *apahubunganejajal*. Bodoa yah sekarepe nyong koh siapa loh? Haha. Nah bareng kedadean kiye Sarkem siki dadi seneng banget nyeteli lagu sakitnya tuh disini. Ngibing mbari udud + nyiu *ehh*.

Pages

Diberdayakan oleh Blogger.

Popular Posts

buku tamu :)

Code CBox milik sampeyan
Mau buat buku tamu ini ?
Klik di sini

kursor

Blogger Widgets

kursor

Blogger Widgets

Blogger news

Blogger templates