sponbop :)

my uburrr

KEPONTO, BRO!


Assalamualaikum Lur balik maning kyeh karo Sarkem. Piwe kabare pada? Sehat mbok? Kari nyyong tah ya sehat lah, kur ora waras *ehh*. Nah saiki nyong pengin cerita babagan keponto.
Ko pada tau keponto ora Lur? Ya anu sering yah, apa anu pegaweane? Keponto kari arep bali laka mikro golet ojeg laka duite ya jenenge keponto. Haha kwetah anu ko dasar kere yah. Ngeponto kwetah udu keponto *ups*. Nah sikinyong arep nyritakna beberapa pengalamane nyong pas dong keponto. Ndresani nemen sumpah. Ora penak nemen wong keponto ikuh.
1.     Keponto nang ngarep umah
Nah critane pas kae kweh wengi-wengi sekitar jam 9 Lur. Nyong karo mamake tes lunga trawe. Wulan puasa kyeh. Rajin mbok nyong nek wengi gunane trawe, nek awan gunane mangan *ehh*. Ora leh. Jane anu ngarep-arep takiran kari bali trawe toli ana keh wong sing nggawa panganan. Ana kluban ana gathot ana apem ana klepon ana cenil las anu akeh lah. Tujuwane nyong trawe kweh kuwe *ehh*. Yaora dik lah tujuwan utamane ya nggolet pahala koh yah maning sih keplak ndase sing ngomong kekue *ehh*. Sing ngomong be dewek koh haha. Nah pas kuwe nyong nang emper alias njaba umah karo mamake wong loroan. Bapane karo adine nyong kweh ora ana nang umah. Urung balik sih agi mbrekat ndean nang langgar. Nah lawang umaeh nyong kweh critane grendele copot. Ngerti grendel mbok? Bukakan lawang kaeh. Basa Indonesiane ya gagang pintu lah. Dadine ora bisa mbukak nek sekang njero. Kan lawang kweh ana jendole. Kari ora maksud ya njajal lawang umaeh ko didungkar apa diruag nganah. Mbok ko pada ora percaya soten. Maksud lah yah ko kan pada pinter, kaya nyong lah. Haha lengob. Nah jendole kweh diumpetna bapane nyong jajal. Ndilaloeh ora ngomong koh, ya nyong karo mamake nyong keder nggoleti ndarani ilang yah. Nah kebenerane salah siji kaca jendela jejer lawange nyong kweh pecah gara-gara ganu tek jotos. Haha. Lengob nemen yah! Tapi ya ana gunane juga Lur. Nah nyong menek metung kaca kuwe trus masup liwat jendela sing. Bakat maling kiyeh nyong. Nah akhire nyong karo mamake nyong bisa masup umah. Alhamdulillah.
2.     Keponto nang pom bensin
Kedadean kiye kweh bener-bener diluar dugaane nyong yakin Lur. Critane kweh yah nyong pas kae karo adine aring pasar arep njikot roti ulang taun nggo mamake nyong. Kejutan lah cara-carane, nah nyong karo adine lunga sekitar bar bedug, jam 2an lah. Nyong mboncengna adine, ndilaloeh bensine entok. Akhire nyong mbensin disit aring pom. Nah pas nyong arep mbayar, duite angel nemen dijikot. Maklumlah sake kandel kakean duit ya njikot be ngosih kangelan. Haha sosoan nemen yah padahal anu duit paling pirangewu be gemagusan nin. Aja ditiru Lur. Nah nyong ndelah kunci kuwe nang bagasi motor nang nduwur mantel. Pas nyong agi njikot duit, adine nyong nutup bagasine, tes kuwe cah loro gari kelabakan ora teyeng bali. Haha kari kaya kie sing lengob sapa? Bisa koh kunci motor kekunci neng njero  bagasi? Haha ya nden anu banget lengobe yah! Gobel nemen *ehh*. Dadi sarane nyong kari ko mbuka bagasi motor kweh, kuncine langsung tanjlepna maning aring nggon stateran. Ben ko pada ora ngalami apa sing nyong alami. Haha apa-apane yoh?
Nah dadi ujarkutah yah, wong tah ngadu waspada yakin. Sapa ngerti yah arep ana kedadeyan sing nang njaba pikirane dewek? Dadi dewek ngadu waspada. Nah sing keloro teliti. Aja maen-maen karo sing jenenge teliti yakin Lur. Ko ora teliti semending bae ya bisa dadi masalah mbok? Bisa berabeh lah. Dadi 2 hal kuwe penting, kudu digatekna. Ya udu 2 tok dik, esih akeh, kur nyong bebeh nyebutna siji-siji. Mbayar disit ngeneh setriliyun ngko tek tidokna. Haha dunyane sapa ujare yah? Dunyane firngon? *ehh*

Yawis semono disit Lur, kapan-kapan lanjut maning insya Alloh kari nyong kober. Wasalamualaikum!

SANAJAN JOMBLO TAPI TETEP ASO


Assalamualaikum sedulur balik maning kieh. Agi seneng nemen nin nulisi tulisan kaya kie sumpah. Ya mbok ana bedane yah! Mbok menawa tambah ayu apa tambah duwur kan sapa ngerti lhoo! Haha ngimpi ko Kem! Haha ya belih koh sekarepe nyong deneng ko sewot wudani sisan! *ehh*
Yawis siki aku arep crita babagan mantan. Haha geh tek tidokna yah, jujur bae nyong kari crita mantan koh kayonge mandan ngedap. Mbuh priwe nin. Kayong-kayonge anu mandan priweee kekue. Priwe apane lah Kem? Ya mbut ya mbreng rahasia koh! Kari ditidokna nden rahasiane nyong kebongkar kabeh yah haha keplak sisan ngeneh *ehh*
Geh nyong agep takon, ko kari crita mantan rasane priwe? Mesti kaya ana rasa seneng, kemutan, sedih, gela, nesu, kesuh, las campur aduk pokoke lah. Apa maning kari mantane ko kweh ngganteng utawa ayu trus putus karo ko kweh anu kur gara-gara masalah sepele. Ya Alloh mbok anu banget nyesele. Apa maning kari dewek sing mutusna. Ujarmu priwe? Kaya kuwe apora? Haha kari iya brati ko senasib lah karo nyong.
Nyong arep crita tentang salah siji mantane nyong kieh. Gagah nemen yah ngomonge salah siji, padahal ya anu duene siji tok. Haha ya nggo patut-patut lah, kon kesane kweh nyong payu, ora ketang sing gelem kur siji tok. Haha. Yawis yawis nyong jujur kyeh, mantane nyong ana 5. Sing dianggep tapi. Nah sing ora dianggep ana pira Kem? 12 mad! Haha ora dik kyetah lombo sumpah. Kentir apa mbeke 17 taun mantane 12 + 5? Ujare nyong little b*tch ndean? *ups*. Medek ora ngerti little b*tch artine apa! Haha nyong mesti medeke bener. Ya iyalah wong kye be neng Jawa, nah kwe be basa Inggris. Tek tidokna yah artine. Artine kwe kimc*l kaeh lah. Haha pada nyengir medek! Nyengir kaya celeng *ehh*. Las aja mbahas kimc*l lah mbok ora rampung-rampung nin.
Nah critane nyong putus karo mantane sekitar setaun ganu lah. Nah nyong njomblo wis olih setaun. Dela maning nyewu. Haha kaya wong mati bae koh. Haha kye lengob maning kyeh sing nulis, nyewu ya telung taun yah mbeke setaun koh nyewu! Nyewu digilmu ndean *ehh*. Lah intine setaun lalu nyong puuus karo mantane nyong. Jane ya anu sepele lah putuse. Nah kye nyong sing mutusna. Gagah nemen yoh? Gagah untumu ruag sih *ehh*. Awale tah iya nyong ngrasa dadi jomblo terhormat. Teyeng mutusna wong sih. Haha aja ditiru Lur yakin anu lengob sing nulis, kaya sing maca *ehh*. Nah siki-siki kayong mandan ngajog. Jebule mantane nyong sing kwe kweh anu bocah bener. Bener piwe maksude Kem? Ya anu eman, ngalahan. Mbok anu perfek pisan lah Lur. Mrebesmili nyong kari kemutan kenangan-kenangan ganu sumpah yakin. Kayong bodo nemen nyong nyia-nyiakna kwe bocah. Nah siki judule ya anu galao maning. Nangis maning. Kendat maning *ehh*
Nah siki mantane nyong kweh wis due pacar. Luwih ayu maning sekang nyong. Mbok ya anu ora gagah sekang ngendi? Nah sedangkan nyong esih jomblo bae ngasih lumuten. Jomblo wungkan lah jere bapa kakine nyong tah. Ndresani nemen mbok? Seprenen jajal nyong urung due pacar bae. Nggane nyong wis berdoa maring Gusti Alloh urung terkabul bae. Berusaha ya nyong juga wis berusaha. Piwe carane Kem? Ya mbut ya mbreng. Nek ditidokna ko tiron piwe jajal? Ora sudi nyong nidokna! Mol enggane nyong ngadu ngajukna proposal aring camate apa carike apa bupatine sisan ben nyong bisa olih pacar? Ya mbok anu mbahayani nemen. Kesangaren kwetah sumpah!
Dadi seprene nyong esih jomblo bae Lur. Ujarmu piwe kon nyong cepet olih pacar? Apa nyong ngadu masang raine ning toko onlen kekue? Ujare nyong apa? Didol kaya cabe bae. Cabe apa Kem? Cabe-cabean? *ehh*, apa nyong ngadu majang pengumuman neng tengah dalan bahwa nyong ora due pacar tur agi nggolet pacar kekue? Sumpah wadon mringgani kayakue tah yakin!
Balik maning lah maring masalah mantane nyong. Pacare mantane nyong kweh mbuh priwe yah, kari ndeleng nyong kweh kayong sentimen nemen! Padahal nyong ya wis teyeng move on lah. Ora ketang kadang ya madan nyesel kekue. Tapi ya kan nyong ora bakal ngrebut lah yah. Wadon apahan nyong? Kaya ora payu bae. Genah iya koh! Hu bagel watu sisan ngeneh sing ngomong *ehh*. Nyong be bingung gweh Lur. Ujarmu pada nyong ngadu piwe? *takonbae* Nyong ngadu koprol mbari jungkir walik mbari ngomong wow trus tes kuwe tahlilan kekue? Ora bakal!
Tapi dibalik putuse nyong kweh, nyong dadi mandan ana bedane koh Lur, nyong dadi ora mencenger nyekeli hape bae. Ora mejeti hape bae. Ya agep ngapa jajal sms ya smsan karo sapa, paling ya fesbukan apa instagraman apa bbman wis kuwe tok. Kwe be anu jarang nemen. Ya agep hapean hubungi sapa jajal? Hubungi malaikat? Sih ndasmu *ehh* Laka wong sing kaya pacar sih yah haha. Agep chattingan karo lemah ndean? Aja-aja ko ora ngerti chatting? Nganah takon bapa kaki mbok ngerti.
Nah ya intine dadi ora hapean bae. Bapa biyungku be ya ngasih bingung koh. Tapi ya madan seneng juga sih Lur, dadi nyong siki fokus aring sekolah, wayahe sinau ya sinau, wayahe nyambut gawe ngrewangi wong tua ya ora tau lat, wayahe ngibadah ya ngibadah, wahaye ngising ya ngising *ehh*. Ya pokoke kabeh mau kwe ya anu nyong ora sengaja lah. Ora disadari kweh nyong dadi tambah sregep. Alhamdulillah mbok.
Dadi putus karo pacar ya ana apike juga Lur! Sapa ngerti yah nyong juga dadi tambah pinter, tambah ayu juga haha ngos ndean pede nemen! Iya koh temenan kiye tah. Jere sapa? Jere dewek yah. Haha *karuan*. Ya bebek kon ora silem. Awake dewek nden dialem! Mol bebek arep ngeduk lemah kaya nggarangan? Ya ora mbok lah! Aja lengob deh plis! *critanesewot*
Dadi aja dijikot alane tok. Galao lah, sedih lah. Lah kopet sih *ehh*. Ora jaman yakin putus galo-galoan kayakuwe. Bisa bae tujuwane Gusti Alloh mutusna ko karo pacare ko kweh kon ko fokus sekolah disit. Kon aja disambi loh. Kon sekolah malah pacaran bae! Mbojo sisan bae genah! Ora mubaih duit nggo sangu nggo SPP ngo apa bae lah tetek mbengek. Iya mbok? Trus bisa juga anu kae kweh udu sing terbaik nggo ko. Dadine ko dipisahna karo kae. Bersyukur ngadune Lur! Susaeh apa? *tumbenngalim*

Nah dadine nggo ko para jomblowan utawa joblowati, aja pusing lah kari ora due pacar. Manut bae omonge nyong yakin. Manut bae kata-katane nyong. SANAJAN JOMBLO, TAPI TETEP ASO. Dijamin uripmu sante. Ora gemrungsung ora gemradag. Laah mangsane due pacar nden ya ko due pacar. Kabeh mau ya anu wis diatur Gusti Alloh koh. Gari manut bae. Manut, karo bersyukur. Uripmu bakal penak. Temenan!
Wis disit arep turu. assalamualaikum!

SAKITNYA TUH DISINI

SAKITNYA TUH DISINI
Assalamualaikum sedulur alhamdulillah kieh bisa nulis maning ora ketang sepetit lah kena nggo ngisi wektune nyong. Haha padahal tah tugas ge ya anu numpuk se Gunung Slamet sing neng ngalore Baturraden. Haha apal mbok? Rutin sh nyong! Haha rutin ngapa kuwe? Ya mbut ya mbreng, ora tidokan! Tapi ya ora papa lah sekarepe nyong mbok? Ya ora? Antuk sih ngapa aja mencenger bae kaya kue nggilani kweh lah raine ala nemen *ehh*
Dadi nyong pengin crita maning kyeh. Ko pada ngerti lagu Sakitnya Tuh Disini mbok? Lagu sing agi tenar nemen kaeh? Ngantek bayi karo tengah tauh ge teyeng ngibing ibingane? Haha ora dik anu lombo kie tah suerr. Pokoke lagu dangdut lah. Sing denyanyikna daning mbokayune nyong kaeh lah sing ayu pisan ora kaya nyong *hahangakukoh* lah ya intine lagu kuwe lah. Nah saiki nyong pengin crita babagan Sakitnya Tuh Disini.
Nah cara-carane Sarkem kweh agi ngefans aring adik kelas. Haha keit wingi tembangane kuweee bae. Seneng adik kelas lah ngefans adik kelas lah. Ngko aja-aja si Sarkem pedofilia kiye? Seneng cah cilik? Haha aja ngasih ya amit-amit jabang bayi jabang celeng aja ngasih *ehh*. Nah Sarkem kiye sering banget modusi adik kelas kuwe mau. Sebut bae jenenge Sapon. Sapon mbok anu singkatan lah. Selasa Pon. Haha lengobmen sing nulis, kaya sing maca juga *ehh*. Sapon kuwe kacek rong taun karo Sarkem. Dadi siki Sarkem wis 17 taun, si Sapon beke 15 taun. Ya kaya kakang adi yah! Kakang adi ketemu gede maksude haha. Kaya bocah pedekatean jaman siki keh lah. Toli nyeluke kaka karo adhe. Ujarku ya bapa biyunge pada bebojoan ya ora koh yah sososan pada nyeluke kaka adhe. Haha ya biasalah jaman cah enom ya jaman-jaman alay. Kaya nyong bae. Ngaku nyong tah. Emange ko haha.
Nah si Sarkem kweh kan ngefans aring si Sapon, tapi Sapone ora peka bae. Sarkem wis mencoba segala hal pokoke lah, mulai dari nggawe status, nggawe pm, ngosih nglebokna foto neng fesbuk, instagram, genti dp, ngantek gaweni puisi + tulisan alay utawa ala *ehhnyindirdewekkieh*, tetep bae si Sapon ora peka. Mbok anu banget larane lah. Saben dina kari ngenteni nang parkiran ya Sarkem nggoletine si Sapon. Nggoleti motore lah masa nggoleti apane, semp*ke apa? *ehh*. Pokoke saben dina Sarkem kur tinuju aring Sapon lah. Dadi semangat nemen nggoli sekolah. Jam 2 esuk wis tangi trus jam 3 mangkat. Haha kwe sekolah apa anu arep saur bersama neng sekolah? Ora dik kie tah anu nglombo yakin suerr. Ya intine dadi luwih sregep lah. Ya jenenge wong jatuh cinta sih kepiwe? Tau mbok ko? Apa anu ora tau? Ya nggilani kebangeten lah! Anu ora payu yah? *ehh*
Sarkem moduse udu kur neng kono tok. Nganti kari arep badog neng kantin *hahamadanglehmadang*, arep motokopet *maksudenyongmotokopimaaflehsalahketik*, trus arep olahraga, ya tetep nggoleti Sapon. Kangen sih. Ya jenenge baen wong nom lah. Tau nom mbok ko? Apa lair langsung semono? Ya berat yah biyungmu nggoli ngetokna wong segede ko haha. Pokoke Sarkem nggoleti Sapon bae. Ora bosen-bosen lah. Ngantek suatu dina, saking kesuhe Sarkem, kesuh apa anu gela kiye lah lanang lengob yah ora peka-peka *ehh* Sarkem memberanikan diri ngomong aring Sapon bahwa selama kiye kweh Sarkem anu ngefans aring Sapon. Ngomonge kaya kie. Neng sms tapi. Asline tah ya mbut ya mbreng ora tidokan! Nden kebongkar kabeh rahasiane nyong *ehh*

-Pon Pon nyong agep ngomong lah
- Ngomong apa sih mba ? Ngomong gari ngomong koh berat nemen kayong? Lagi ora due duit apa mba? Arep ngutang medek?
-Leh aja suudzon disit Pon ora ilok yakin temenan. Nyong ge ya due duit lah, ora ketang 2500
-Las bodoa ko mba lah! Arep ngomong apa cem? Bet ngising apa? Apa kencot?
-Wuus digilmu sih *ehh* anu kiye Pon jane aku ngefans aring ko selama kiye. Nah ko piwe?
-Oh kaya kue mba. Ya suwun.
Nah smse Sapon kweh terakhir mung kayakue tok. Sarkem awale ya lega. Lega pisan lah wis ngungkapna. Kan ayem lhoh. Atine tenang. Ora gemrungsung. Ora gela bae. Nah ndilaloeh Sapone dadi ora penak aring si Sarkem. Gara-gara Sarkem ngungkapna kayakue, Sapon tekanan batin, trus stress kentir bar kuwe bunuh diri. Haha ora dik kyetah lombo  maning yakin. Intine saiki Sapon dadi ngadohi Sarkem. Kwe karena Sapon ngerti bahwa kari Sapon tetep ngladeni Sarkem, Sarkeme bakal lara ngati. Ya iya yah wong anu Sapone ge ora seneng Sarkem. Senenge aring wadon liya, nah pirang minggune Sapon jadian karo gendakane. Mbok si Sarkem ya lara nemen. Wuu dasar lanang lengob! Bali bae nganah njaluk duit mamake nggo tuku kemben karo gelung, tuku kut*ng sisan kweh! Trus denggo! Livenan sisan! Nah roke/ondere juga denggo! Awas ko yah mangsa oraha! Nggawe lara nyong ngko toli kualat! Nah Sarkem mesti mbatin kayakuwe kari weruh Sapon. Sarkem dadi wadeh nemen pokoke aring Sapon. Malahan siki Sapon kari sekolah motore ora degawa meng parkiran. Ngerti sih mbok ketemu Sarkem. Akhire dentun nggone batire. Haha ya gobelmen yah Sarkeme malah dadi tambah wadeh.
Nah mulane daripada lara ngati kaya kuwe suka rusah nggoleti lanangan utawa wadonan lah. Nggo apa sih? Ora penting mbok? Kayakie ya malah dadi nambah daftar musuh alias wong sing diwadehi mbok? Dadi ngadohna tali silaturahmi mbok? Kan eman-eman lhoh. Mikinen batir malah dadi udu batir. Ya tuna ko kem. Sarkem! Mulane sekolah ya sing bener, usah pada nggoleti pacar lah. Empan apa sih pacar. Empan celeng? *ehh*. Jomblo bae wis kaya nyong lah. Haha padune anu ora payu yah. Huss aja ngomong kekue lah! Udu ora payu tapi urung payu. Manut bae nin sing maca lengobmen lah kuweh keseriusen sih keit mau maca bae ngantek ora kedip acan haha.

Yawislah critane kaya kue. Muga-muga ko sing pada senasib kaya nasibe Sarkem kyeh bisa dinei kesabaran dening Gusti Alloh. Rusah galo-galaoan lah wagu, meleih, ora patut. Apa gunane jajal? Ngubaih nyawa urip ngerti? Dadine enjoy bae lah, nikmati bae syukuri bae. Kader gara-gara masalah kayakie ora bakal ngubah uripe ko. Ko ya tetep ko. Sarkem ya tetep Sarkem. Ora bakal bisa diubah dadi kewan mbok? *apahubunganejajal*. Bodoa yah sekarepe nyong koh siapa loh? Haha. Nah bareng kedadean kiye Sarkem siki dadi seneng banget nyeteli lagu sakitnya tuh disini. Ngibing mbari udud + nyiu *ehh*.

GALO + KORBAN PHP

GALAO DAN KORBAN PHP

Terinspirasi saking kisaeh Lik Samidi nang Curanmor karo kisaeh Lik Daplun nang NgomongNgapak.com, enyong juga penginlaah gawe crita. Ya kaya anu curhatane enyong jane. Kur nganggo basa ngapak lah. Khusus wong kenean berati. Kene ngendi? Yambuh sekarepe nyong yah hahha. Yawis lah demule bae.
Critane kayakie.
Pertamane nden ya kenalan disit yah, masa ujug-ujug langsung bes? Ya ora ilok lah dukani neng Gusti Alloh piwe jajal? Mbok ya nganggo pengaman disit trus bar kuwe ucul-ucul klambi *ehh* arep ngapa kuwe? Yambuh pikir dewek koh rusah prentah *hahasewot*. Kayakie, jenengku sebut bae lah Sarkem. Udu asli tapinen. Aja pada percaya yaa! Percaya aring nyong musyrik toli! Haha. Sarkem adalah namaku. Tapi udu nini Sarkem sing cokan adoli panganan sing dicokot/digeget mbledug kae loh yah! *maksudeklepon* ngerti klepon mbok? Ora ngerti ya bodoa lah seterah ko. Seterah apa terserah? Ya belih sekarepe enyong. *Illahi*
Aku kweh critane esih gadis. Prawan aporane ya mbut ya mbreng seterah nyong haha. Masa ngadu ditidokna sih? Kari ora ilok prime jajal? Dukani engko nang Gusti Alloh. Las mbuhlah balik bae aring critane nyong rusah crita prawan. Isin. Ko sing kesenengan tah iya. Ko pengin ngerti dadine nyong ora pengin mbahas prawan? Soale anu mbok ora rampung-rampung sih haha lengobmen kiye sing nulis! Sing maca juga kayongen *ehh*. Nah aku critane wis SMA. Sekolah Mangane Apa *udukuwegobel* maksude nyong Sekolah Menengah Atas lah yahh pada manut bae nin sing maca kepiwe sih haho hala holo nemen *ehh*. Aku sekolah neng SMA nang daerahku, sebut bae SMA Oleng. Urung ana mbok jeneng SMA kayakue? Gagahmen lah pokoke! Kari wis ana ya brati anu kebeneran. Sumpah lah ora lombo. Kari lombo ya ngko tek denda wislah. Ko aweh duit nyong se milyar ya ora papa. *deneng?*. dadi arane Oleng kweh jalaran bocaeh pada stress kabeh, mumet mikiri pelajaran karo tugas numpuk se gunung Slamet kaeh sing neng ngalore Baturraden. *apalnemenkoh* haha ya iya lah wong sering meng nganah haha *upsskewenangan* ya dadi wonge pada oleng kaya tes mabok. *ehh*. Gyeh Kem, jenenge wong sekolah ya ana tugas ana pelajaran. Kari ora gelem yawis nganah bali bae ngarit nggo empan wedus apa empan celeng apa empan beruang kan kayong sangar katone. *masyaAlloh*
Balik maning lah akeh temen nggoli nyocot *ehh*. Aku saiki wis kelas 3. Mbok agi gagah-gagaeh lah. Kakak kelas nggane. Lagi jeger-jegere pokoke. Ana adik kelas sing lenjeh tur kemayu ya tek sikat. Sikat untune ndean haha. Ya udu kuwe yah lengob temen sing nulis kiye laah, sing maca juga *ehh*. Ya maksude domongi lah kon rusah lenjeh kaya ayu-ayua nin. Padahal ya anu emang ayu. Nglewihi ayune nyong mulane tek sikat. Kon aja ayu. Haha jen ana-ana bae nain si Sarkem. Nah kari ana sing ngganteng ya tek sikat juga. Sikat kon aja ngganteng maksude Kem? Ya ora kiye tah ya sejen maning lah! Sing ngganteng ya tek sikat mbok menawa ana sing gelem dadi pacare *ehh* haha kaya ora payu temen kowe Kem? Aja lengob deh Kem plis isin kaeh karo sing maca haha.
Ya mbok menawa madan ana sing sreg karo adik kelas kan sapa ngerti yah? Nah kari adik kelase ngganteng pisan koe arep kepiwe jajal? Mbok ya anu gelemepol lah. Masa oraha? Nggo sing wadon kie tah. Mengko ko lanang melu seneng ya ngalamat nyong lah olih saingan anyar haha *sainganmaho*. Kakean cangkem lah Kem lanjut koh *apiapisewotlah*.
Nah kelanjutane kayakie. Enyong carane agi seneng adik kelas. Ngganteng pisan pokokelah. Meseme kuwe masya Allooohh. Manuk mabur ge nganti nebrak wit sengon mbok nggilani nemen brati nggantenge. Kur tok nyong ora semaput kari weruh yakin. Temenan suer. Ora percaya add bae kieh fesbuke. Jenenge tuuuuuttt *critanesensor*. Ko pengin ngerti kepriwe deneng disensor? Lah ya kari ko nge-add trus dikonfirmasi trus seneng ko trus nembak ko ya ngalamat maning nggo enyong yah. Kalas ora sida jadian karo nyong. Wuu poles miring ngeneh *sewotmaningkoh* haha padahal kaya ya-ya-ha yah. Sosoan nemen. *soksokanmaksude*.
Balik maning lah kalas ndopok bae keit mau *hahayasalaehgelemmaca*. Nah udu meseme tok. Bocaeh ya penakan lah, ramah, sumeh lah Jawahane, gelem takon ora ketang “mba kuwe lah dikondisikna raine ala temen kayong?” haha adik kelas kentir! Ora dik. Anu lombo kie tah suer. Nah sebut bae inisiale X lah. Kari inisiale W engko kalasan bocaeh ngerti kari maca kiye, ngerti bahwa tulisan kiye anu nggo kae *ehh*. Singkat cerita nyong kweh karo X wis kenal ya ana sewulan lah. Sewulan sabit maksude. Mbeke 7 dina. Haha susaeh apa yah gari nulis seminggu? Ya kayakie ngakeh-ngakehi maning jen lengobmen sing nulis. Sing maca juga *ehh*. Ora 7 dina dik. Kait ganu gutul siki ya wis ana karo tangah wulan lah. Ngerti mbok karo tengah wulan? 1 ½ wulan ngob lah. Ora ngerti maning? Pancen kebangeten utekmu yakin *ehh*. Kira-kira wis kenal semono suene lah. Lah ndilaloeh nyong modus-modus ya berhasil koh! Mbok sapa ngerti! Nah nyong sms, stalking (ngerti stalking mbok? Wong tukang jikot doke wong liya kaeh! *kwemaling*), bbm ya debales. Ora ketang nyong terus sing takon. Ya kan ora papa mbok? Sekarepe nyong lah ngapa sih ko melu-melu *sewotmaningcritane*. Nah hubungane nyong karo X kuwe berjalan mulus lah, kaya pupune Maria Ozawa *ehh* mesti mikire langsung clingg! Haha paham nyong lah, apa maning ko cah lanangan lah ya banget pahame nyong lah. Wis lupakan. Nah hubungane mulus, mulus banget. Ngantek suatu dina, nyong ngerti ana sing aplod fotone X karo wadon njagong jejeran. Ya mbuh batire, mbuh pacare, mbuh gendakane, ya nyong ora ngerti lah. Raine X kweh katone seneng pisan. Bahagia bin bungah lah. Nggilani mbok? Pokoke pas semono atine nyong lara banget. Banget larane pokoke. Cara-carane ya hatiku tersayat-sayat oleh silet tajammu yang membeset (ora ngerti bahasa Indonesiane apa) lubuk hatiku yang terdalam. *lebaynemenkoh*. Nah nyong galao. Nyong merasa di PHP ni. Ngerti PHP mbok? Kari ora ngerti takon bapa kaki nganah mbok menawa ngerti. Haha aja dik ngko ko tah manut malah takon temenan. Lah ya intine aku galao dan sakit hati. Maksude apa yah ngeman aring enyong? Maksude apa gelem nyapa enyong ? kari akhire bakal kayakie suka rusah kenal. Yakin aku tah suerr. Tau mbok ko dadi korban PHP? Khususe cah wadon! Kaume nyong lah, sebangsa karo nyong. Tau mbok ko don? Wadon? Kepiwe rasane? Mbok banget larane lah. Kie gara-garane nyong sing ke GR en apayah? Isin yakin kari wis kayakie. Agep modus ya anu isin, ora modus ya anu kangen. Piwe jajal? Nah ya intine ko cah wadon aja ke GR en lah. Kari wani ya takon sisan aja kur modus-modus tok. Stalking-stalking tok. Laka gunane yakin. Kur gawe seneng sedela tok. Tes kue wis. Ya anu mubah duit pulsane ko. Eman-eman. Nggo browsing trus maca tulisane nyong sih lewih bermanfaat. Haha iya ora Jhon?
Nah akhir sebuah cerita kiye Sarkem galao gara-gara dadi korban PHP trus bali ngumah trus nulis tulisan ala neng kamar trus esuk-esuke kewenangan kendat mbari nyekel hp karo selfie alias foto-foto narsis haha *ehh*. Ana-ana wong kendat kayakue lah. Haha ora dik. Ngesuke ya biasa lah sekolah maning ketemu X maning. Lara maning. Galao maning. Nangis neng kamar maning.  Kendat maning. Illahi nyawane pira sih jane ko Kem? Kendat bae hobine. Hahaora leh. Lah biasa lah cah wadon ya kaya kuwe mbok?

Yawis lah semene disit delanjut kapan-kapan maning kari nyong kober. Kiye ge nyong nulis ana karo tengah jam koh. Ya kena nggo hiburan lah. Ngilangna stress. Padahal tugas ge ya madan akeh koh. Ya orapapa lah sekarepe nyong mbok? Ya mbok menawa bisa gawe ko pada seneng. Ya nyong melu seneng lah. Wis disit ya ngesuk maning insya alloh dadah.

Pages

Diberdayakan oleh Blogger.

Popular Posts

buku tamu :)

Code CBox milik sampeyan
Mau buat buku tamu ini ?
Klik di sini

kursor

Blogger Widgets

kursor

Blogger Widgets

Blogger news

Blogger templates